Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/154

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kaya ngono. Dhek wingi nalika ibu mundhut tempe nggone Mbak Sayem, dheweke alok, “Kok tumbas tempe mriki, Bu. Biasanipun rak tumbas nggenipun Painah nggih. Mrika rak langkung mirah.” Semono uga yen ibu mundhut ing warunge Yu Painah. Sok diajak rerasan elek. Suwesuwe ibu ora kersa tetuku ing warunge wong loro iku. Awit sarwa ora kebeneran. Mula ibu yen arep blanja takdherekake nyang pasar. Pancen aku lan ibu biasane tetuku nyang nggone Yu Painah amarga panggonane cedhak mung keletan omah siji. Yen pinuju nggone Yu Painah tutup utawa sing arep dituku ora ana banjur ngalih nyang nggone Mbak sayem. Dadi dudu jalaran larang utawa murah. Nanging dening Yu Paninah utawa Mbak Sayem malah ditampa kleru. Ya wis ben sakarepe anggone nampa. Sing penting ibu lan aku ora nduwe niyat mbedakake sing siji lan sijine. Kabeh takanggep padha. Karepku nggono ngemong loro-lorone wong isih tangga tunggal RT. Ah …, mikir perkara iku njalari gaweyan ngumbah sepedha ora gek ndang rampung. Sikat lan sabun detergen langsung takcandhak. Sepedha montor Astrea Grand takgebyuri banyu mbaka sethithik banjur takulapi sabun lan taksikati nganti metu umpluke. Lagi dina iki kober ngumbah amarga wis limang dina tak tinggal melu lintas alam nyang Gunung lawu. “Eh …, lha kae rak Mbak Sayem ta. Lho …, kok marani warunge Yu Painah kanthi polatan pecuca-pecucu lan ulate peteng. Sajake lagi ngampet emosi. Wah …, ana apa kae?” “Wong wadon ora urus ya kowe. Bisa-bisane mitenah aku ngingu thuyul. Karepmu iku apa ta Yem?” “E …, sing mitenah awakmu ki sapa? Cangkemmu aja waton muni lho Nah!” “Sapa maneh yen dudu dhapurmu kuwi. Kowe mesthine meri merga warungku bisa laris katandhing warungmu.” “We lha …, cangkemu kuwi kok saya ndadra ta. Njaluk disuwek pa piye?” “Coba yen wani maju! Nyoh …! Ndang suweken! Ayo …!” Yu Painah ngejokake raine semu nantang. Mbak Sayem sajake wis kentekan rasa sabar. Banjur …, “plek-plek!” Tutuke Yu Painah ditapuki sakayange. Durung marem, Mbak Sayem nambahi maneh. “Plek-plek …,” nganti tutuke Yu Painah metu getihe. Yu Painah genti males. Rambute Mbak Sayem dicandhak banjur dijambaki sakayange. Lire wong loro iku gelut uleng. Cakar-cakaran. Jotos-jotosan. Jiwit-jiwitan. Bocah-bocah cilik sing padha dolanan ing cedhak warunge Yu Painah ora padha misah malah nonton karo surak-surak seneng. Sepedha montorku sing isih gluprut sabun detergen taktinggal. Wong wadon loro sing lagi ‘duel’ iku rekane arep takpisah. Nanging …, “plok” pipiku kena pukulan nyasar. Wah …,

angel temenan misah wong loro iku. Wah …, rahayune Pak RT lan Kang

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

141