Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/153

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Lha mbasan ana krismon warung akeh tinemu ing saben papan. Adate yen wayah srengenge angslup lapangan voli ing pinggir desa wis sepi nyenyet. Saiki malih 360 drajat, warung-warung tendha padha ngadeg ing sakubenge lapangan. Ora mung kono thok, ing ngarep gang, ngarep sekolahan utawa protelon desa uga ana, ora ketang loro utawa telu. Sing didhep werna-werna, wiwit panganan camilan nganti jangan kanggo lawuh mangan. Sing takgumuni, ana warung telu sing padha-padha adol mi godhog lan mi goring madeg ing panggonan sing padha. Bisa dibayangake, kepriye olehe balapan nggeret pelanggan. Yen ta anggone balapan kanthi cara sing sportif ora dadi masalah. Yen ngati dha ‘bersaing secara tidak sehat’ gawe pitunane wong liya utawa bakul liyane, wah … nyilakani.

Contone, tanggaku Yu Painah lan Mbak Sayem. Wiwitane Mbak Sayem sing mbukak warung ing emper omahe. Sing diadhep bangsane barang kabutuhan rumah tangga lan jajanan bocah. Tangga teparo, mligine para ibu yen arep tetuku utawa ngebon mrono. Semono uga cah-cah cilik. Mbaka sethithik warung Mbak Sayem dadi rame lan laris. Ngerti ngono, Yu Painah tiru-tiru mbukak warung. Ndilalah sing diadhep ora ana bedane karo warung Mbak Sayem. Mung regane rada murah. Upamane lenga potro nggone Mbak Sayem Rp450,00, nggone Yu Painah Rp400,00. Ngerti nggone Yu Painah murah, tangga teparo sing maune sok tetuku nggone Mbak Sayem wiwit ngalih mrono. Warunge Mbak Sayen saya sepi. Nanging Mbak Sayem ora kentekan akal. Dheweke wiwit kulakan ombenomben botolan, kaya dena Coca-Cola, Fanta, lan Sprite nganti pirangpirang krat lan digelar maprah ing emper warunge. Yu Painah ora gelem kalah. Dheweke uga kulakan omben-omben sing padha malah dijangkepi nganggo lemari ‘pendingin’ barang. Ing lawang warung ditulisi “DI SINI SEDIA COCA-COLA DINGIN”. Lemari pendingin-e diselehake ing emper warung. Supaya wong liwat ing ngarep warunge weruh.

Suwe-suwe anggone usaha warung jor-joran. Siji lan sijine balapan mepaki prabot warunge. Nganti wujude dudu warung, malah memper toko! Ora mung kuwi, malah balapan mbanting reregan barang. Mbak Sayem angger kulakan numpak sepedha montor, dene Yu Painah numpak suzuki pick up sing lagi wae tuku. Mbak Sayem lan Yu Painah wiwit memungsuhan nanging ora katon saka njaba. Aku weruh dhewe, nalika wong loro pethukan ing ndalan ora sapa aruh. Malah pasang ulat peteng, plerok-plerokan. Angger aku jajan neng warunge Yu Painah, dheweke sok nlesih-nlesih bab reregan ing warunge Mbak Sayem utawa ngrasani sing elek bab Mbak Sayem. Kejaba iku, uga sok ngglembuk aku supaya jajan mrono. Semono uga yen jajan nyang nggone Mbak Sayem, dheweke alok, “Kadingaren kowe jajan mrene. Biasane rak jajan nggone Painah

wong reregan ing kana murah. Rak iya ta Dhik?” Ibu uga nate disruwe

140

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010