Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/147

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Pak, Bu Candra sampun chek out, menika wonten titipan serat kagem Bapak lan sedaya rekening sampun dipunlunasi.”

Aku manthuk, layang takgawa bali mlebu kamar, isine ringkes, ning gawe trenyuh lan keranta-ranta.

Mas Drajat kekasihku,

Takjarag aku bali meneng-menengan, awit yen pamit ndhak ora kuwat ngampet tangis. Katresnan panjenengan kang suci taksimpen adoh ing pojok ati, tanpa ana blentong kang meh wae kedadeyan. Donga-dinonga wae Mas, amrih brayate awake dhewe wutuh lan rukun. Rayi Tuhu Tresna Candrasasi.

Aku nyerot napas jero, jero banget supaya dhadha iki dadi ilang sesege. Sawise ngringkesi barang, kluntrung-kluntrung aku ninggalake hotel bali neng Yogya. Marang Dhik Sutinah aku kandha, yen dikon mlebu kantor awit ana gaweyan sing luwih penting tinimbang melu Raker neng Semarang.

Sedina, rong dina tekane seminggu pancen ora ana kedadeyan apaapa, lire kulawargaku ayem tentrem. Mung bareng ndungkap telung minggu, blas ora ngira yen brayatku nemoni prahara. Wektune dina Rebo, bali kantor Dhik Sutinah ora mapag kaya adat sabene. Luwih nggumunake nalika aku mlebu ngomah, sakawit dheweke lungguh karo njinggleng maca majalah.

Weruh tekaku dheweke malah menyat nglungani, wusana mlebu kamar nuli nangis, njalari bingungku. Gek mergane ki ya apa? Majalah takjupuk, pranyata Djaka Lodang kang lagi mentas teka, nalika mbukak rubrik lembar istimewa, dheg! Atiku pindha dijojoh alu. Ing kono kapacak papan wisata tlaga Sarangan, lha kok ndilalah potoku dimuat kanthi cetha wela-wela nganti cacah telu. Siji, lagi rangkulan ana ngarep Hotel Metro cedhak mobil Peugeot duwekku AB 1234, loro, praon karo Dhik Candrasasi ing tlaga, dene sing telune maneh nalika lagi dhansa kekep-kekepan ing dhiskotik hotel.

Durung nganti ilang kagetku, saka saselane majalah ana amplop tiba. Bareng takjupuk lan takwaca mawa kop klinik laboratorium. Gegancangan takbukak, lha dalah! Jroning surat keterangan mau disebutake yen Dhik Sutinah positif mbobot anakku sing pisanan.

Sanalika aku njranthal, nedya ngejak Dhik Sutinah sujud syukur marang Gusti Allah dene wis kaparingan momongan kang dakdama-dama. Lagi wae arep nothok lawang kamar, tanganku kandheg dadakan, njur kepriye carane nerangke bab foro-foto, sing kemot ing DL, genah Dhik Sutinah lagi muring.

Entek-entekane aku mung njegreg, tanpa ngerti kudu tumindak kepriye kejaba mung nggresah. “Dhe-el, oh Dhe-el…. Dhuh, Djaka Lodang….

Djaka Lodang, No. 01/02, Th. XXXI, 2/9 Juni 2001

134

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010