Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/146

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

nangis, eluh bening nelesi gulu. Sinambi ngusap mripate lan terus nurut iramaning lagu, rambute takelus lembut, karo kandha lirih ing kupinge. “Sliramu kok nangis, Sayang.” “Iki tangis kamulyan, Mas. Kena apa lagi iki bisa takcecep. Mas, aku emoh pisah, gawanen neng ngendi wae aku ndherek.” “Ning awake dhewe kudu bisa nonton kahanan kang ana, Jeng, aku lan sliramu wis padha duwe tanggung jawab.” “Aku bisa nekad njaluk pegat, sukur-sukur panjenengan ya pisah. Kepepete, aku dadi bojo nomer loro ya gelem kok.” “Hus, ngaco! Wis, aja ngrusak keadaan iki ah, Jeng!” Dheweke mesem, tutug dhansa terus metu saka hotel lan diterusake numpak prau kang sumadiya ing tlaga. Sanajan wengi, ewasemana sing nyewa prau klebu akeh, iki nuwuhake sesawangan endah, pating klelip lampu kang dipasang ing saben prau. Sawetara aku nyatang, Jeng Candra teturon ing pangkonku karo kala-kala ndulangake kacang utawa panganan. Srana ringkes takcritakake bab kahanan kulawarga sing takpandhegani karo Jeng Sutinah. Saking dene ketungkul pepasihan, ora krasa nganti tekan tengah wengi lan ing tlaga wis sepi sing ana mung prau sing taksewa. Mula gegancangan minggir, ninggalake tlaga bali neng hotel. Lagi wae mlebu kamar, sret! Guluku dadakan dikunci nganggo tangane, wusana Jeng Candra ngiwut, pindha singa ganas. Rehne aku priya normal, dipancing ngono kuwi dadi mubal nepsuku, wusana aku sakloron dadi lena lan lali purwa duksina, lagi wae arep tumindak luwih adoh, ngerti-ngerti wewayangane sisihanku kumlebat lan kandha, “Eling lho, neng ngomah aku ngenteni kanthi setya,” sanalika aku njondhil saking kagete. Pranyata Jeng Candrasasi uga dadakan eling. Awakku sing nindhihi dheweke dijorogake, aku sakloron banjur nganggo sandhangan kang pating klumbruk neng njobin. Sawise bali rapi banjur kandha groyok. “Kena apa awake dhewe arep tumindak edan, Mas?” “Ah, nyuwun ngapura Jeng, yen aku meh nerak wewaler.” “Aku ya salah kok, kepiye wae iki laku jina, tujune wae aku lan Mas Drajad isih padha-padha diparingi eling.” “Bener Jeng, karang jeneng emosi lan ngadhepi tilas kekasih, amrih aja kedadeyan maneh, prayogane aku tak pindhah kamar wae.” Dheweke manthuk, gegancangan aku metu lan lapor marang recepsionis pesen kamar siji maneh. Lambeku ngaturake panuwun marang Gusti Allah dene isih diparingi eling lan ora sida khianat karo bojo. Sawise lerem, lagi bisa bablas turu malah kepara karipan. Awit bareng nglilir jebul wis awan. Sawise adus, metu saka kamar, angkahku mono nedya ngejak sarapan Jeng Candra. Dadakan diparani Mbak recepsionis, sing nggawa layang.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

133