Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/145

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

katon anggun, menganggo sandhangan schraf ireng, wusana aku sakloron runtung-runtung munggah ing tingkat loro, papan restoran lan bar. Sing takpilih meja paling pojok, kahanane remeng-remeng awit mung kasunaran lilin, ewasemana malah njalari romantis. Pelayan mara, Jeng Candra pesen pizza.

“Kabare piye, Jeng?” pitakonku mbukani rembug.

“Hemm …, kabarku ora pati apik, Mas, uripku cemplang.”

“Apa sisihanmu kurang kawigaten?”

“Ora mung kurang, ning blas ora nggatekake aku.”

“Kaya sliramu katon makmur.”

“Mas, ing babagan ekononi, aku pancen mapan kepara torah-turah. Ning, apa manungsa urip iku cukup diplepeg bandha?”

“Njur?”

“Takakoni nek Mas Wawan iku pengusaha sukses, ning ya kuwi, sing dipikir lan dirembug esuk-sore, awan-bengi mung bisnis. Lunga neng luar kota utawa luar negeri sasen-sasen, yen mulih anane mung nesu, njur dianggep apa aku iki.”

“Pira putramu?”

“Kepriye bisane duwe anak yen ora tau srawung.”

“O….”

“Mula Mas, jroning rasa sepi iki aku temen-temen kesiksa lan mung tansah kelingan marang panjenengan sing taktresnani. Aku ngerti, iki ora pantes. Ning aku ora kuwat ngadhepi kurdhani ati. Perkara panjenengan wis bebrayan, aku ora perduli.”

“Terus sisihanmu ngerti yen kowe ana kene?”

“Dheweke neng luar negeri, telung sasi meneh lagi bali. Utawa meneh ngertiya, sengara digape, wong aku sakloron neng ngomah prasasat kaya jethungan, siji lan sijine repot dhewe-dhewe. Njur nek brayat panjenengan piye?”

Aku arep mangsuli, ning kapeksa jugar awit pelayan teka nggawa pesenan. Wusana aku sakloron ngahapi pizza sing isih panas, sinambi takblakani kahanan brayatku satemene. Kiwa-tengen dalah kahanan romantis, katambahan hawa adhem lan weteng ngelih njalari anggonku mangan ndemenakake. Saka ruwangan sisih kana katon grup musik wis siap ing panggung, wusana keprungu lagu-lagu lembut. Mbaka siji pasangan-pasangan padha dhansa ngebaki papan kang jembar. Nalika keprungu lagu favoritku sakloron Before you go aku ngadeg karo kandha.

“Dhansa ya, Jeng.”

Jeng Candra menyat karo mesem. Ing papan iki aku sakloron ngrasakake kaanan lan nostalgia sing taktindakake rikala isih sekolah sarta kuliyah biyen. Lagu siji lan sijine terus milir gilir-gumanti, meneri lagu

Don’t for get to remember me sirahe diselehake ing dhadhaku, tes! Dheweke

132

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010