Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/142

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“He-eh.” “Aku mangsak kesenengan panjenengan lho, Mas.” “Apa?” “Diprisani wae. Mengko nek wis bar dhahar takpijeti ya?” Aku ora wangsulan, mung nglirik pener meja dhahar. Ing kono wis tahrik-tharik ditata mangan awan kanthi komplit, saka sop, rendhang kompli tekan buahe barang. Lungguh srog, gegancangan piringku diisi sop pinangka pambuka, banjur sega salawuhe. Kabeh mau ditindakake kanthi tulus lan tanggung jawab minangka bojo, kudune aku bisa nimbangi, embuh sarana kawigaten utawa pangalembana. Apa maneh dheweke ora nganggur, wiwit esuk cekat-ceket mangsak supaya mengkone yen aku bali wis cemepak sakkabehe. Ning embuh, kena apa ati iki mbeguguk ngutha waton. “Aku arep Rakor, Jeng.” “Neng endi?” “Emmm…, neng Semarang.” “Kapan?” “Saiki, mengko bengi pembukaane.” “Kok dadakan ta?” “Witikna piye, minangka pegawe cilik aku rak mung manut. Arep mbantah ya ora wani tenan.” “Nginep?” “He-eh, apese dina Selasa lagi mulih.” “Nek ngono klebu cuti ya Mas?” “Ya ora, wong iki klebu dhines.” “Panjenengan dhahar, aku tak nyepakake salin. Njur budhaale piye? Nganggo mobil kantor apa travel?” “Aku mangkat dhewe kok, Jeng.” Jugar anggone arep mangan, sisihanku malah banjur menyat lan mlebu kamar. Dheweke nyepak-nyepakake ubarampe sing tak perlokake, kaya dene sandhangan lan keperluan saben dina sing ditata kanthi rapi lan mlebu koper terus digawa neng mobil. Budhalku diuntabake tekan ngarep lawang, kaya biyung sing bakal ditinggal anake lunga adoh, kanthi kebak kawigaten Dhik Sutinah ndrindhil olehe weling. “Sing ngati-ati Mas, iki jarak jauh lan maneh panjenengan during ngaso.” “He-eh, bakal tak ati-ati.” “Eling lho, neng ngomah aku ngenteni kanthi setya.” “Inggih, Bu Guru.” “Diaturi prisa kok.” Pipiku diaras kanthi kebak katresnan, Peugeot gleser-gleser ninggalke plataran nggeblas tumuju dalan gedhe sing panggah ilir dening sawer- Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

129