Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/141

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Semono uga aku Mas, sanajan mengkone Mas Wawan dadi sisihanku ning dheweke mung kawin karo awakku merga tresnaku mligi kanggo Mas Drajad tekaning mengko patiku.”

“Terus ana apa sliramu ngajak neng kene?”

“Sadurunge aku dadi Nyoma Wawan, aku kepengin nyaosake barang sing takaji-aji, yaiku kasucenku marang panjenengan.”

“Hus, aja nekad Jeng, kepriye mengko sisihanmu yen mrangguli sisihane wis ora prawan, sliramu bakal sangsara salawase lho.”

“Aku ora predulli, sepasar bubar taklakoni!”

Karo isih mingseg-mingseg tangan kiwa panggah isih ngrangkul guluku, dene sing tengen wiwit nguculi benik bluse. Aku kaget. Sadurunge iblis nguwasani lan ngojok-ojoki tumindak ala kekarepan edan iku gage takcandhet. Tujune dheweke suwe-suwe eling dening pangrimukku sing tanpa kendhat, wusana aku sakloron metu saka hotel tanpa tumindak kang nerak wewaler.

Wusana Jeng Candrasasi sida bebrayan karo Wawan, lan diboyong nyang Jakarta. Malah nalika dadi manten pancen dijarak aku ora diundang, jroning layang sing dikirim dikandhakake menawa aku teka mundhak dheweke ora bisa ngampet emosi. Kabar sing takkrungu Jeng Cadrasasi nyambut gawe ing sawijining Departemen, dene aku neng Pemda.

Bakda kuwi sesambunganku pedhot. Sajake wong tuwa ngerti gempaling atiku, mula gage digolekake calon sisihan supaya kalipur. Bocahe saka ndesa lan anak lurah, rupane pancen ayu tur lugu sarta minangka guru Taman Kanak-Kanak, jenenge Sutinah.

Sakjane mono Dhik Sutinah iki dadi bojo sing pas lan idheal, kejaba anteng lan manutan uga nrima. Ning embuh, rehne ati iki kebacut kemba, mula penganggepku adhem-adhem wae. Marga saka kasabarane mbaka sethithik bisa thukul wiji tresna, senajan wewayangane Jeng Candrasasi panggah ora bisa ilang. Panacen aneh, kena apa aku kok ora bisa mindhah tresna marang bojo.

Gandheng dina Jemuwah, budhalan kantor jam sewelas awan. Mobil sedan Peugeot biru tuwa, hadhiah saka mara tuwa sing isih anyar gres kanthi plat nomer sementara taklakokake banter. Pikiranku mung gek tekan ngomah, njupuk salin njur nggeblas nyang sarangan nemoni gegantilaning ati. Aku dhewe ora ngerti, kena ngapa sawise nampa kabar saka

Candrasasi ati sing maune lerem bali gronjalan maneh. Kaya dene geni sing kari pelik-pelik, bareng disoki bensin bali mubal maneh. Kaya adat saben yen aku mulih, sisihanku wis mapag neng ngarepan kanthi polatan sumringah. Gurawalan tas sing takgawa dicandhak, sawise diselehake neng meja banjur njupuk banyu es saka kulkas.

“Sayah, Mas?” kandhane karo ngulungke gelas.

“Karang jeneng nyambut gawe.”

“Iki diunjuk dhisik, ben seger.”

128

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010