Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/139

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
DHE-EL OH DHE-EL
A.Y. Suharyono

Thuuuut … Handphone sing gumlethak ing meja dadakan muni, mung taklirik tanpa ana krenteg ngerteni saka sapa. Wektu-wektu ngene iki kahanan kantor pancen lagi ruwet, kabeh lagi padha ubeg nyiapake laporan bulanan sing kudu dirampungake dina iki. Sepi mamring ngrenggani saben ruwangan, konsentrasi mung tumuju menyang layar komputer dalah swara tuts-tuts sing dipenceti. Yen ana panglipur, paling-paling musik orkesta philharmonic kanthi dirigen Zubin Mehta sing keprungu saka kaset. Mung dadakan bathukku njengkerut, yen ana wong ngebel lumantar handphone mesthine ana urusan pribadhi, awit yen urusan dhinas mesthine liwat operator, sing banjur nerusake neng ruwanganku.

Wusana aku menyat, supaya aja ngganggu liyane karo metu nggawa handphone lan tak tampa ana ing taman. Jam kang cemanthel ing tembok jarume nuduhake angka sepuluh, pancen durung pati awan, nanging srengengene wis dhuwur lan cahyane saya panas. Kanthi ngono cengkah karo njero kantor kang adhem merga AC.

“Hallo …,” kandhaku alon.

“Mas Drajad?” keprungu swara sing wis takkulinani.

“He-eh, Jeng Candrasasi?”

Bener, Mas, iki Candra, lagi sibuk neng kantor, ya, maaf nek aku ngganggu pakaryan panjenengan.”

“Ora papa kok, biasa-biasa wae.”

“Kagungan wektu longgar, Mas?”

“Kersamu?”

“Aku kepengin ketemu karo panjenengan je, kangen rasane.”

“Ah, apa gunane mecaki dalan lawas, Jeng, sliramu wis bebrayan semono uga aku. Kedadeyan sing kepungkur, prayoga dikubur.”

“Ora Mas, nganti titi wanci iki aku isih yakin, yakin banget yen panjenengan isih nresnani aku. Tangeh lamun Mas Drajad bisa munthes wiji katresnan kang panggah ngrembuyung, senajan awake dhewe wis padha dene berkeluwarga.”

“Kosik, Jeng Candra.”

126

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010