Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/133

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PAMBUKANING WARANA
Imam H.

Wis ana sepuluh dina illustrator saka perenging gunung Wilis saba ana ing kutha Jakarta. Sajake lagi oleh garapan kang asile rada lumayan. Mung emane dheweke kudu kerja rina-wengi tanpa leren, bot-bote enggal rampung garapane, njur enggal bisa mulih nyang ndesa.

Lagi iku dheweke ngancik kutha Jakarta. Wiwitane dheweke mung kepengin nawakake komik berwarna kang digarap sajrone setaun muput. Ning jebul penerbit-penerbit ora gelem nuku. Bareng nekad takon garapan, dheweke dites. Kasil. Dhirektur Utama kesengsem asil karyane.

“Jenengmu sapa?” pitakone Dhirut.

“Samto.” Wangsulane illustratos mau.

“Alamate?”

“Kebonagung, Sawahan, ing perenging gunung Wilis.”

Sabanjure Samto nyambut gawe rina-wengi ing kantor penerbit mau, menehi gambar-gambar kanggo buku-buku crita. Lagi kuwi uga Samto weruh lan melu numpak lift, munggah utawa mudhun kanggo methuki paraga-paraga kang ana sambung-rapete karo pegaweyane. Saben melu-melu wong numpak lift, Samto ndeleng carane wong-wong mau anggone migunakake lift. Suwe-suwe Samto ngerti. Yen arep munggah utawa mudhun ana ing gedhung bertingkat sarana lift mau, sepisan kudu nutul tetenger munggah utawa mudhun. Yen arep munggah kudu nutul tetenger segitiga utawa anak panah kan lincipe marep menduwur. Kosok baline, yen arep mudhun, sing ditutul anak panah sing lancipe marep mangisor. Sawise ditutula, lawang lift banjur menga. Samto mlebu kamar lift, banjur nutul angka kang wis cumepak ing njero lift.

Saupama arep munggah utawa mudhun menyang tingkat pira, kari nutul angkane. Yen saka tingkat telu, njur nutul angka wolu, ateges arep munggah menyang lantai delapan. Dene yen saka tingkat telu njur nutul “G” ateges arep mudhun menyang lantai bawah. Simbul “G” ateges Ground kang tegese ‘ngisor’. Ngono mau kirakira sasuwene sepuluh dina, Samto bisa munggah utawa mudhun dhewe

120

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010