Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/130

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

parikena pakulinane. Hem sidane gagal olehku arep lelungan. Ora wurunga kaya adate sing dijujug aku.

“Walah, ngunggah-unggahi randha, Kang? Uh, randha ngendi, sing gelem karo dhudha sing cindhele kemriyeg kaya aku iki? Kok le ngaya temen. Mbok aluwung nganggur ya men, tinimbang momong anake uwong!” Olehku nanggapi uga guyon.

“Haiya randha donya kene no, mosok randha nglangit? Ambak aja nemen-nemen ngasorake awak. Kae mau kandhaku rak minangka donga ta, Dhi. E ..., sapa ngerti, keturutan pa ra lumayan?” ngono guyonane mbacut.

“Halah, macem-macem. Wis ayo ah kene bumah, ki mau ka omah apa ka endi, Kang, kok yah mene wis tekn kene? Kok ra ngepit?” pitakonku.

Bareng wis lungguh dheweke ngetokake rokok Tuton filter terus udud nglepus, pegane dikebul-kebulake mendhuwur, mujudake bunderan-bunderan reruntungan nuli ambyar kaliyup angin.

“Cen ka ngomah are. Numpak colt mudhun kono mau apa. Pit? O ..., pitku wis dadi sega, wis kolu wingi-wingi je. Ha wis, dhit pesangon peha-ka-ne aipit ya wis rampung ki. Ha nek duwekmu ya awet ayakna, Dhi?” pangecagemole.

“He-eh awet! Nek mung dimut thok, nanging. Ya padha wae ta, Kang. Wis entek dhek kana-kana kae. Wong cindhile we semega-semega ngono kok. Gek ngliyeg luru gaweyan, kana-kana ya bul padha wae, ra ana perusahan nambah tenaga. Wong jamane lagi gonjing kaya ngene,” ngono kandhaku, terus sisan neges takon kabar sruwang-sruwing sing takrungu.

“Anu, Kang, jare Mbakyu kana kae kandha ro aku ngene, “Kangmu ki saiki genah-genahe ngono harak pogal ta, Dhi. Karo rondho lor desa kana”, ngono ki nalika ketemu ro aku dhek njupuk raporte bocah-bocah ing es-dhe kana ke.”

“Kok Yu, ngerti?” rekane aku nambong ngono.

“Ngerti wae, wong sin kandha dudu angin lho. Ning ana unen-unen, 'sadawa-dawane lurung isih dawa gurung’ je. Tur aku ora mung percaya kandhane uwong. Engko gek mung buru sengit mbuh piye, terus aduladul. Ora, ning kanthi sesidheman takmanuk-manuki, nyatane tenan ki, Dhi?” kuwi kandhane.

Aku malah ngguyoni ngene, “Lho, kok dimanuk-manuki. Wong jare manuk Kakang ....” sakala aku disantak wani.

“Haiyah! Diomongi wong kok malah manuk-manuk. Manukmu kono! Lire takmanuk-manuki kuwi dakbuktekake sesidheman bener-orane, ngono lho.”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

117