Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/129

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Ya wis ta, Le. Aja rikuh prekewuh karo aku. Wong bapakne ki ya dhongkolan begajig, sing julig je. Nek mung lelakonmu ka ngono wae, o, durung sepira-pirane bapake iki. Tenan, wis ta! Mula kuwi ra sah rikuh prekewuh. Jer tumindakmu wis bisa dakgerba. Mung, sakedhar kanggo tamba luwene anak-anak tanggunganmu, iya ta? Wis, ra kakehan rembug, mundhak nggurahi anak-anakmu mengko. Bapak ora bakal mbrojol, bab iki. Percoyoa, wis ta! Karo, iki lho nyoh, ana rejeki sethithik tampanen. Kena kanggo tuku menir sesuk, ben nggo maem anak-anakmu. Mung iki bapak aweh pambiyantu. Kowe ya gelema nyimpen rapet bab iki aja kawetu karo sapa wae ya? Wis dakbali, wis meh esuk lho iki.”

Kandha ngono Pak Lurahku sing “huebat”” iki karo ngulungake dhuwit puluhan selembar marang aku. Ngono olehku arep nampani mau semu nggranggem. Jebul malah Pak Lurah ngadeg nyat, terus mblesekake dhuwit ing sak klambiku.

Sapungkure Pak Lurah, dhuh ..., mbrebes mili luhku. Ya kisinan, ya dheg-dhegan, ya trenyuh campur adhuk dadi siji. Nanging kagawa olehe ngrerepa aku kanthi “atur pangandikan” sing kaya ngana kae mau, ati iki rada duwe kapercayan sing gumathok. Ananging rasa isin masu isih nabet jroning ati samangsa ketemu srawung ing panggonan apa wae. Nanging percaya aku marang Pak Lurahku iki, ora bakal nyebar prekara tumindakku sing dikawruhi. Pancen iya, Pak Lurahku ki dhek kalane isih dadi wong menyunyang, darbe laku “amburadhule” ora ana sing madhani sadesa kene. Ning, kuwi biyen-biyene. Saiki mono wis mandhireng dadi Bapak Desa. Mula yen duwe sipat sing kaya ngono mau, bisa wae ditampa nalar, kanggoku.

Esuk kuwi, bubar ngurusi anak-anak sing padha budhal sekolah SD, rekane sarapan “istimewa” minangka asel-asel, sing takdum rata mau dadiya pikuwat awake nganti mulih sekolah. Si Sarmadi, mbarepe, sing isih ana ing klas lima SD, telap-telep olehe ngayoni gedhang godhog nganti saenteke. Dene Sumardi, adhine, sing lagi klas telu SD kuwi rada ora pati dhokoh olehe sarapan. Ning ora swala piye-piye awit ngerti anane mung kuwi. Terus Sutarni, sing wuragil, sing malah rada crigis.

“Kok ra digoreng ta, Pak. Anua rak ngguthil, sarapan gedhang goreng, hemmm ....” ngono critane Sutarni sing lagi klas loro SD kuwi.

“Lha lengane, Ndhuk, sing durung duwe. Suk ya, bapak nek wis tuku lenga goreng, o, klakon wis ta, penjalukmu,” kandhaku grerepa.

Kuwi esuk mau nalika bocah-bocah isih lagi sarapan gedhang godhog asil olehku “nglawa” dhek bengi. Saiki, rekane arep klintong-klintong, menawa bisa nemu gong karo arep nempur, rekane. Jebul lagi mak nyuk mlangkah ratan ngarep omah, wis kepapag kanca senasib PHK, Tarmuji.

“E lha hayo, ‘Pak Dhudha’ ki arep tindak ngendi? Arep ngunggahunggahi randha sing em-emh, ayakna,” ngono kuwi tembunge guyon

116

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010