Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/125

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

marang kanca-kancane, yen bojone iku ora ana tandhingane ing sajagad rat.

“Aku emoh dadi wong lanang sing kalah karo wong wadon. Kudu bebas. Delengen aku tumindak apa wae bojoku ora tau nesu, lan ora tau nglarang,” ngono sumbare Pujo saben ngandhani kancane sing ora gelem dijak serong.

Sawijining dina Giyem ketemu tanggane nunggal RT ing pasar.

“Yem, ngati-ati lho karo Atik, randha enom cedhak omahmu!”

“Ngapa, ta?”

“Lho, kowe ki piye ta? Wong sa-RT wis padha ngerti kabeh yen kabare bojomu kuwi dhemenan karo Atik, jare!”

“Kowe weruh dhewe pa?”

“Ya ora. Kaya ngono apa diweruh-weruhake uwong.”

“Kuwi rak ya mung saka kandhane uwong liya ta?” ngono Giyem mbelani bojone.

“Pancen ya.”

“Ya wis ben. Nyatane Mas Puja grapyak gagah pideksa tur bagus pisan. Ora mokal yen akeh wong wadon kepencut. Lha aku iki buktine,” semaure Giyem karo guyon sakeceleke.

Tekan ngomah sawise nyelehake blanjan, Giyem ngilo ing toilet sing ana ing kamare. Sawise cucul kambi, ora banjur salin dhaster nanging ngiling-ilingi awake sakojur, wiwit rambut nganti tekan dlamakan. Sanadyan wis duwe anak loro pawakane Giyem isih tetep padhet, weweg lan mulus. Ora rugi olehe senam ing pusat kebugaran jasmani kumpulane wanita ing kantore bojone.

“Ah ...! Mas Puja mesthi ora bakal kesengsem marang wadon liya yen ndeleng pawakanku, kaya bola-bali dibisikake nalika saresmi. Mosok Mas Pujo kapilut Atik. Wonge wae lemu tur ora seksi. Ya yen dibandhing pakulitane kana menang luwih putih tinimbang aku. Lan maneh, Atik kuwi wis takanggep dadi mbakyuku. Bocah-bocah ya wis kemraket karo dheweke. Mas Pujo dhewe nggone ngrengkuh kaya sedulur sinara wedi. Mosok tega karo brayat kene,” ngono batine Giyem.

Kaluwihane Giyem, wanita sing lugu tur sabar iku uga dadi kekurangane. Atik sing ngerti uthek kliwere brayate Giyem saya golek kalodhangan. Malah ngerti kapan wektu-wektu kang lodhang lan wektuwektu kang repot. Awan iku Giyem blanja nyang Toko Swalayan lengganane. Nanging kaya ngapa kagete nalika weruh bojone gandheng renteng karo Atik, ngliwati bagian pakaian anak-anak. Tanpa kadenangan wong sakloron iku, Giyem bali klepat, ngundang taksi mulih. Blanjane sing wis diwadhai ora dipaelu.

112

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010