Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/124

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
LUGU
Terry S.

Giyem prawan desa ireng manis kuwi, sidane diboyong sing lanang menyang kutha sawise ngantenan. Bareng ana kutha rambute dipotong cendhak modhel Dewi More lan nganggo rok. Menawa nitik dandanane lan tindak-tanduke wis ora ngira yen Giyem maune prawan ndesa. Mung lugune sing ora bisa ditinggal. Ning bab iki dudu salahe Giyem. Uga watege sing anteng lan ora seneng nangga iku gawan saka lair. Amarga saka lugune kuwi, Pujo kesengsem marang Giyem, njur dadi bojone nganti seprene. Pujo wis jeleh pacaran karo prawan kutha. Bola-bali pedhot. Alesane werna-werna. Ana sing amarga ora setiya, ora blaka, ora nurut, malah ana sing wani marang wong lanang. Embuh ‘ora apa’ maneh. Mula golek prawan ndesa wae sing ora kena ‘polusi’. Ngono kandhane Pujo yen dhong crita karo kanca-kancane.

Anggone bebojoan bathi anak loro. Bocahe lucu-lucu lan sehat. Kaya sehate rumah tanggane. Katentreman bebrayane sing nir samekala iku, awit Giyem duwe cara mligi kanggo nglestarekake.Yen ana panggodha sing diahdepi tumrap Giyem gampang nggone nulak. Prasasat tulak sawan bali ndalan tenan. Mula tangga teparone padha gumun. Anggone sabar, ora keguh marang samubarang sing dirungu bab kelakuane sing lanang. Nate crita yen dheweke duwe paugeran mengkono saka simbokne nalika arep diboyong menyang kutha.

“Yem ..., wong jejodhoan kuwi luwih becik sing lugu wae. Ing kutha akeh wong wadon sing sok nyampuri urusane brayat liya. Apa maneh yen ngerti ana brayat sing katone tentrem rahayu. Mesthi akeh sing meri. Lumrahe banjur ana wae pokal gawene. Iku mbuktekake yen bebrayne dhewe morat-marit. Dadi seneng yen ana brayat liyane sing rusak. Utamane yen ana wong wadon sing ngandhakake alane bojomu. Aja kok percaya. Goleka bukti nyatane dhisik. Pokoke yen ora weruh dhewe aja mbok gugu omongane.

Amarga paugeran mau Giyem tansah sabar lan ora keguh marang palaporane sapa wae. Nganti tangga teparone lan kancane jeleh ngandhani. Kanggone Pujo malah kebeneran. Saya kementhus anggone pamer

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

111