Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/122

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Kula nedhi pageran griya, Mbah. Kaliyan nedhi tulung. Wau dalu kula kelangan dhisel. Nek saged dos pundi carane supados dhisel kula kepanggih malih.”

Mbah Mangun ngobong menyan. Umik-umik sedhela, banjur kandha, “Nyoh, iki sarat pageran omah, penddhemen tengahe latar. Dene, pperkara dhiselmu ilang, luwih becik diekhlaske wae. Kuwi bakal dadi tebusane awak, rejekine bakal akeh ing dina mburi.”

Suroto marem. Sabanjure genti kang Mukhid.

“Iki rak Mukhid, ta?”

“Nggih Mbah, kula nggih nedhi pagerane omah, kersane mboten disaba maling. Kaliyan malih, kula nedhi tulung supados anak kula Siti pedhot kaliyan pacare. Amargi terose lare-lare niku, Siti pacaran kalih lare brang etan. Mangka ila-ilane tiyang kuna riyin, desa ngriki boten angsal besanan kaliyan tiyang brang etan.”

“Ya ya ya…Entenana sedhela.”

Mbah Mangun ngobong menyan maneh. Umik-umik sedhela, banjur kandha, “Wah gawat! Nyoh iki dhisik tampanana. Pagean omah, dipendhem tengahe latar, njur, kowe kudu sing ngati-ati. Yen ora salah suk malem minggu kowe bakal kemalingan. Sing ati-ati lho ya? Cegah lek. Yen pelu, cah-cah enom kon njaga omahmu.”

“Nggih Mbah Maturnuwun. Niki kangge Mbah!” kandhane mukhid karo ngulungake amplop isi dhuwit sepuluh ewu.

Tekan njaba ketemu anake Warimin, kang Mukhid takon, “Lho kowe ta iki mau Jas? Apa kowe mau ya mari njaluk tulung Mbah Mangun?”

“Enggih. Kula sadermi dikengken Pak.”

“Kok ora Pakmu dhewe sing mara?”

“Pak nembe leb teng tegil.”

“Dikandhani apa kowe mau karo Mbah Mangun?”

“Criyose Mbah Mangun, mangke dalu badhe onten maling saba nggen kula.”

“Wah sing ngati-ati kuwi! Kandhane Mbah mangun iki pancen titis lho. Cah-cah enom kanca-kancamu kudu jaga. Didhedhepi wae malinge. Nanging yen jaga aja ngetarani, malinge mundhak wedi.”

Warimin dikandhani anake Manawa mengko bengi, jare Mbah Mangun arep ana maling. Warimin nyiapake pemudha-pemudha sadesa kanggo jaga. Temenan, bengi kuwi hawane atis. tengah wengi sing padha jaga wis krasa ngantuk. Kena sirep begananda, salok katon wis padha KO. Warimin ndepipis ana ngisor gedhang, dikancani cah nom-noman papat.

Ora suwe banjur padha weruh ana maling temenan. Bareng ngerti manawa sing jaga padha jagongan ana wetan ngomah, malinge banjur mincing swasana….

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

109