Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/121

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Uh-uh niku rak terose lare-lare. Nek kula nggih boten wani ngarani tiyang, wong ora ana buktine.”

“Jare cah-cah jaga ki, wong kuwi saben dina klimpang klimpeng wae na desa kene.”

“Mesthi mawon klimpang-klimpeng, won lare niku rak pacare yoga sampeyan.”

Kang Mukhid njombak.

“Siti? Pacare Siti?”

“Lha enggih, sinten malih?”

“Bocah raurus!”

“Lha kenging napa ta, Lik Mukhid. Tiyang pun sami agenge, tur sajake nggih pun sami remene.”

“Aku ki malah ra ngereti je, Mo! Apa maneh, ila-ilane Mbah buyut, canggah-wareng, udheg-udheg gantung siwur, wiwit kuna-makuna biyen, wong brang kulon iku ra oleh besanan karo wong brang wetan. Jar era apik. Contone ki yaw is akeh. Kaya jenate Lasimin kae, dituturi aja rabi karo cah brang etan, dheweke mempeng wae. Lha ra wurung nemahi cilaka. Mati tabrakan sepedha montor. Cah loro sakpresan ora ngukub!”

Suroto sing mentas kelangan dhisel takon marang Padmo, “Mo, upama aku njaluk pageran nyang omahe Mbah mangun no, piye?”

“Mangga mawon. Pancen mandi kok dhukunane Mbah Mangun kuwi Kang. Sampeyan kelingan nalika Lik Tarji kelangan dhuwit setoran brambang? Sakdurunge yaw is dielingake dening Mbah Mangun. Malem Jemuwah Kliwon kudu sing betah melek. Omahmu arep disaba maling. E. kira-kira Lik Tarji kelalen. Isih sore wong saomah wis padha ngantuk kabeh. Kira-kira ketaman sirep begananda. Lha…temenan, dhuwit pitung yuta amblas dipangan embloh!”

Kang Mukhid sing oleh laporan menawa Siti, anake, pacaran karo cah gondrong sing didakwa maling saka brang etan iku, uga ketarik pengin njaluk pageran omah marang Mbah Mangun. “Ayo ta, To…, mengko sore sowan. Wadhuh-dhuh sowan. Njaluk tulung Mbah Mangun supaya diwenehi syarat sarana nggo pageran omah.”

Temenan, sorene, Kang Mukhid karo suroto sowan menyang daleme Mbah Dhukun. Putune Mbah Dhukun, sing jenenge Sampir, mbagekake tamu-tamune. Pancen akeh tenan tamune Mbah Mangun iku. Malah ana sing teka saka kutha liya. Ana sing nggawa-ngawa kaya ta nggawa klapa, gedhang, beras, gulakopi, rokok, kembang telon. menyan, lan sapanunggale. kabeh padha butuh nyarawidekake awake lan njaluk pageran omah supaya kalis saka sambekala.

Sawise antri gilir gumanti, Suroto wayahe ngadhep. Mbah Mangun kandha, “Kowe njaluk apa?!

108

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010