Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/118

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Atiku krasa mantep ngadhepi urip kang gumelar ing ngarep. kinanthenan wong lanang ing sandhingku iki, kabeh bakal dadi padhang. Perkara maratuwa ora perlu digagas jero. menawa tali katresnan antarane aku lan bojoku pengkuh, sengara ana wong liya bisa medhotake.

Senadyan mengkono, kepriye wae aku kudu ngaturake panuwun marang wong tuwane bojoku. Awit tanpa panggulawentahe ora bakal dakpethuki wong lanang kaya bojoku iki.***

Jaya Baya, No. 47 Minggu Kliwon, 23 Juli 2000

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

105