Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/117

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Bojoku wong lanang kang sabar lan kebak pangerten sangertiku, Saiki dakpethuki mbrebes mili. Oalah jebul dheweke uga nyimpen laraning ati. Dakruket kenceng wong lanang ing sandhingku iku. Lan ing dhadhane daksok sakabehing pangrasa iki.

Nganti sawetara suwene aku apadene dheweke padha tetangisan. Sawise mendha dakranggeh kacu ing pinggir meja lan kanthi kebak pangati-ati, daklapi luh kang dleweran ing pipiku lan pipine.

“Terus priye? sesuk arep bali apa ora? pitakonku lirih, kelingan menawa sesuk maratuwaku duwe gawe.

“Ora usah. Yen kowe ora gelem mara, aku ya ora perlu mrana.”

“Lho yen aku mono rak mung mantu, ta. Lha kowe rak anake. Priyepriyea wong ya wong tuwa.”

Hhh. Mung angluh kang dakrungu. Wengi saya sepi. Suwara jangkrik ngerik saya nambahi tintrime ati.

“Ngapa ngalamun?”

Aku noleh. Bojoku jumangkah nyedhaki banjur ngulungake the segelas marang aku.

“Matur nuwun,” kandhaku sinambi nampani.

“Ana apa?”

Aku mesem. “Ora.” wangsulanku nyoba nggorohi dheweke.

“Ora apa, he? Apa sing ngribedi pikiranmu? Perkara aku ora gelem bali?”

Aku ora mangsuli. mung ndhungkluk kluk. Sarwa prekewuh. Menawa dakiyani, kuwatir bojoku mangkel, nesu. Menawa selak, cetha aku ora bisa golek pawadan liya.

“Ni,” bojoku jengkeng ing ngarepku sinambi ndhekep tanganku. “Biyen awake dhewe wis tau prasetya bakal ngadhepi ruwet rentenge urip iki wong loro ta?”

Brebel. Ujug-ujug luhku wis mili. Kasunyatan menawa bebojoanku karo wong lanang ing ngarepku iku ora dadi karepe maratuwaku tansah nuwuhake tatuning ati. Sajerone batin aku kepengin banget sesambungan kanthi bcik karo keluwargane maratuwaku iki, kaya dene kanca-kanca liyane. nanging, menawa kudu kaya ngene kang dumadi marang awakku, aku ora kena nggetuni. Apa kang daklakoni iki wis dadi pilihanku. Mula apa wae kang dumadi, aku bakal ngadhepi. “Terus?”

“Wiwit ngantepi urip karo kowe, aku wis sedhiya-sedhiya apa wae resikone. Aku kepengin mbuktekake, pilihanku iki bener,” kandhane bojoku mantep. “Aku butuh kowe kanggo njejegake kapercayanku. Hm?”

Gregah aku ngadeg. Ngekep wong lanang ing ngarepku.

104

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010