Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/114

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Dhik Nur, mangertenana, sejatine kelairanku dudu Senin Legi. Nanging Senin Pon. Apa ya iki bendune Gusti merga saka anggonku ngapusi Bu Barkun lan slirane! Saiki slirane sing nandhang sangsara!”

“Mas,… aja … ngendikan…kaya..mangkono…! Aku wis marem dadi sisihan panjenengan…Mangertenana ya Mas sejatine aku iki dudu putrane Bu Barkun piyambak!!” Nurma unjal ambegan, luhe dleweran.

“Dhuh…Dhik Nur…, Dhik Nur…!!!” Setiadi saya kenceng anggone ngrangkul.

“Masss…, aku iki wong …embuh…! Mbokmenawa bae anake wong kere…sing wis ora kuwat ngingoni aku… mula banjur dibuwang nganti ditemu Bu Barkun. Bisa uga…aku iki anake wong lanang ugal-ugalan.

Bareng ibuku ngandhut, bapakku minggat ora tangung jawab. Kirakira ibuku banjur wirang…aku banjur dibuwang…!! Nanging …, nanging. Mas…,aku isih muji syukur… aku…isih nduweni panjenengan. Bojoku…sing… banget daktresnani…

Aku isih nduweni Mak Salamah sing tresnane menyang… aku… ngluwihi wong tuwaku dhewe. Mas aku aja ditinggal ya!”

Setiadi ngusapi eluhe Nurma. Gantilaning atine iku bola-bali diarasi. Banget panarimane marang Gusti, dene Nurma wis dadi johone.

Jaya Baya, No. 48, Minggu Pahing, 30 Juli 2000

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

101