Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/113

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Terus terang ya Mak, sejatine Nurma iki wis ora kena dakpisahake, Embuh kok mengkono, aku ya ora ngerti Nek Emak nglamar rak gelem, ta? Ya matura yen kelairanku Senin Legi!”

“Ooo…alaah, Le kok abot temen sanggane wong tuwa iki!” Mangkono sambate Emake.

“Mak, Mak coba sawangen ta! Tinimbang Mas Pram, baguse rak…

“Huuusss, bagus thok! Ora dhuwe dhuwit, wooo!”

Sidane abot entheng Mak salamah banjur nglamar Nurma menyang Bu Barkun.

Ringkesing crita, panglamare Mak salamah ditampa kanthi tangan loro. Bu Barkun wis sreg penggalihe. Kesatuane calon panganten lanang lan wadon ketemu pitulikur. Dina kelairane ketemu Sabtu lan Senen, tiba “berkah”. Mula arep ngenteni apa maneh, ora let suwe bocah loro banjur enggal didhaupake….

Wis meh setahun Setiadi urip bebrayan karo Nurma. Saiki Setiadi ora nyambut gawe ana pabrik plastic maneh. Saben dinane nunggu took karo Nurma. Uripe katon rukun, tentrem, lan bahagia. Apa maneh kandhutane Nurma wis ngancik rong sasi.

Esuk-esuk Setiadi klendhang-klendhang saka kulon arep menyang Emake.

“Kok esuk, Le! Lha endi bojomu?! pitakone Mak Salamah sing saiki ora dodol jamu maneh, ning dadi dodol sega pecel.

“Iki mau sambate ngelu, Mak! Aku bungkusna sega pecel lawuh mendhol, telung bungkus!”

Durung rampung anggone ngedoli ndadak keprungu, “Tulung… tuluungg…!

Setiadi mlayu njranthal. Toko lan daleme Bu Barkun kobongan. Geni mulat-mulat cepet banget. Setiadi nerjang geni mbopong Nurma sing wis semaput. Wong sekampung mak reg padha aweh pitulungan.

Meh telung jam geni lagi bisa diatasi. Blanwir saka Malang sing aweh pitulungan. Toko dalah daleme Bu Barkun entek ludhes. Bu Barkun seda. Nurma tatu abot, dirawat ana RSU. Tangga teparo padha ngelingake Setiadi supaya njaga Nurma. Mak Salamah lan tangga teparo ngramut layone Bu Barkun.

Ing rumah sakit umum, Setiadi nangis ngguguk ngrangkul bojone.

“Dhuh, Dhik Nur, sing gedhe pangapurane, ya! Aku dosa, banget marang sliramu! Kabeh lelakon iki amarga saka dosaku!”

“Oraaa…oraa.. Mas! Ora ana sing dosa…! Kabeh wis ginaris… kaya mangkene…!”

Nurma mangsuli alon kanti kasendhat-sendhat.

100

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010