Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/112

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Ngenyek! dhuwitku dhewe, kok!” sumaure Nurma mlerok!”

Bocah loro tekan ngomah jam 20.40. Mak Salamah lungguh tenguktenguk ngenteni tekane anak lanang. Weruh bocah loro runtung-runtung karo uluk salam, atine wong tuwa mau kumesar.

“Lho Le, kok nganti yah mene? pitakone Mak Salamah.

Nurma sungkem karo matur, “Nyuwun pangapunten Mak! Punika kala wau Mas Adi kula suwun ngeteraken kula dhateng Matahari.”

“Oo, mboten punapa-punapa, Ning,” mangkono sumaure mak Salamah.

Nurma banjur enggal-enggal nyuwun pamit.

“Wani, Nur, bali dhewe?” pitakone Setiadi.

“Wani! Wis ya…matur nuwun!” sumaure Nurma. Setiadi lane make nyawang Nurma. Wong loro mendhem pangrasane dhewe-dhewe. bareng mlebu omah emake alok.

“Le, kowe kuwi piye ta! Aja wani-wani runtang-runtung karo Ning Norma! Dhek Minggu kae kabare wis dilamar Gus Pramana! Biyuh-biyuh mengko nek pirsa Bu Barkun gek piye?”

“Iya-iya… sabar! Kene ta sik, ayo dha lungguhan sinambi mangan oleh-olehe!”

Temenan, Di! wis bola-bali kowe dak elikake! Ning Nurma ki putrane priyayi sugih! Balik aku lan kowe, mung apa! Golek pasangan iku mbok sing sapadha-papdha bae! Di anakku…. kowe ki nek ora manut emak arep manut sapa?’ mangkono pituture emake.

Setiadi mesem.

“Kapan ta Mak aku ora manut sampeyan?!”

“Lho mau kowe runtang-runtung maneh karo Ning Nurma!”

“Sik ta Mak, aku dak terus terang, ya!”

“Terus erang apa?!” pitakone emake cekak.

“Lamarane Mas Pram dhek Minggu kae kepeksa batal, ditolak. Jare Nurma kesatuane tiba gehing. Dina kelairane tiba Sabtu, dadi diwurungake!”

“Mosok,” Emake mlenggong.

“Mak, mak jane kelairanku ki dina apa ta?” pitakone Setiadi.

“Nek kowe ya Senen Pon,” sumaure emake.

“Mak, Mak, jare Nurma. Bu Barkun gampang kok! Jodhone Nurma ki Senen Legi. Dadi sapa bae sing nglamar, pokok kelairane Senen Legi ya ditampa. Kesatuane dina ketemu pitulikur, kelairane tiba “berkah”, saben dina uripe tansah nyandhang rejeki!”

Mak Salamah ngguyu.

“Kowe kuwi lo Di….Di kok le genah!”

“Temenan kok Mak!”

Wong loro padha meneng-menengan .

“Le, njur sing mbok karepke piye?” pitakone Emake.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

99