Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/111

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Seneng pa seneng?! Lha kowe nek dhong lendhetan pundhake Mas Pram ana mobile kae jan mesra ngono kok!” aloke Setiadi mbeda. Sing dibeda nesu njur njiwit Setiadi.

“Yakin, sumpah tenan kok, Mas! Wong huuireng, huueelekkk ngono kok!” sumaure.

“Ning rak sugiiiihhhh…!” Setiadi mbeda maneh. “Lha mula kuwi, Mas, aku gelem rak mung mbikin dheweke! Aku mung niyat ngerog dhuwite!” mangkono karo nuuduhake kartu tabanas.

Setiadi kaget weruh patrape Nurma mau.

“Semprul kowe Nur! Aja ngono bocah wadon ora becik!”

“Ben kapok! Saiki wurung pisan! Kathik bae!” sumaure Nurma kayakaya ora rumangsa dosa.

“Terus, saiki? pitakone Setiadi.

“Aku nyuwun pirsa Ibu, kesatuane salaki rabi iku sing apik kepiye?

Dhawuhe Ibu, ya yen bisa ketemua nabtu pitulikur. Sing ateges, yen aku sabtu pahing, sisihanku ya kudune Senin Legi. mengko tiba “berkat utawa rejeki.”

Setiadi meneng, gagasane ngambra-ambra. Kamangka sapranasaprene dheweke ora ngerti dina kelairane iku dina apa…

“Mas, Mak saalamah mbok enggal aturana tindak menyang Ibu, bae!”

“perlune?” pitakone Setiadi.

“Ya… nglamar!”

“Hemmm….dakpikire dhisik!” Setiadi unjal ambegan. “Saiki rak ulang tahun sampeyan ta Mas? Ayo dipengeti kanthi seneng-seneng.Nyang Matahari!

Setiadi nyawang Nurma. Kagawa atine sing pancen yaw is kangen temenan mula dheweke mung ngiyani. Bocah loro metu saka dhepot, runtung-runtung menyang super market.

Angen-angene Setiadi sing arep tuku clana sasetel lan mantele emake buyar! Wis rong tahun anggone nginggati Nurma, ndilalah, didohi malah saya mancep ning telenging ati.

“Dhuh Gusti… mangkono pambisiking atine.

Tekan “Matahari”, Nurma njujug larikan klambi lanang. Milang-miling banjur njupuk hem biru enom. kanthi ulat sumringah, hem ditemplekake dhadhane Setiadi, karo alok, “Siippp, pantes!!”

Setiadi mesem. Wong loro banjur menyang larikan clana. Nurma milih clana wol werna biru tuwa setengah ijo. Gunggunge wong loro tuku clanane Setiadi sasetel, klambine Mak Salamah, roti donat lan emping mlinjo. Bareng arep mbayar menyang kasir, Setiadi ngrogoh sak ngetokake dhompet. Dhompet disaut Nurma.

“Ora, dhuwitku bae!” aloke Nurma.

“Nur, dhuwit saka Mas Pram, ya! Aja! Dhuwit haram, kuwi!”

98

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010