saka goncengane nom-noman gedhe dhuwur kanthi rambut dirembyak wates pundhak. Kok olehe ora nyebut emakku kuwi! Umur wis mlangkah patang puluh kathik nduwe brayat pisan, bisa-bisane langen asmara karo bocah sing pantes dadi anake. Patrape emakku sing ngalem marang sirsirane ndadekke aku jeleh banget! Saka rumangsane apa isih remaja putrid apa piye?
Tan kocapa, bareng emakku noleh aku sing lagi kamitenggengen nyawang dheweke njalari murinane. “Apa sing koksawang?! Wayahe mergawe malah njedhodhog ning ngomah! Bocah wedok kok kesede ora ukur!”
Dhasar aku, disrengeni kaya ngono tambah mutung, ora mingset saka panggonanku sakawit. Tanpa angkan-angkan luwih dhisik, emakku njambak rambutku nuli disendhal mayang. Aku sing ora siaga dadi tiba ngrungkebi jogan. Larane awakku ora dakrasa, luwih laraa atiku. Luwih-luwih bareng sir-sirane emmakku rewa-rewa nulungi, malah tangane grayahan mrana-mrene. Kadi dene wanita, ajining dhiirikuu rumongsa kenyonyok. tangane enggal-enggal dakkipatake lan sikilku dakanggo ndugang sakkayange. Sidane dheweke tiba glangsaran. Ngerti kahanan kaya ngono kuwi, aku gegancangan nglungani. Senadyan diunen-uneni werna-werna aku ora ngrewes. Nanging sepira kagetku bareng krungu rame-rame, emakku jedhul ora ngeloni aku anake, malah misuhi aku entek amek kurang golek. Jebul ora mlesetpangiraku! Biyungku wis ora nduweni tresna saipit-ipita marang anak-anake. DSawijining ibu sing ora umum kaya ibu-ibu liyane. Sing luwih tresna anake tinimbang awake dhewe. Dakakoni pancen emakkuu ora patut dadi tepa tuladha.
Ana unen-unen “Kacang mangsa ninggal lanjaran.” Ya unen-unen kuwi sing kerep dak rungu kanggo ngremehake aku. Nanging miturut panemuku unen-unen kuwi wis ora jumbuh karo kanyatan kang ana. Bukti kang nyata wis asring dak prangguli. Wong tuwane sholeh lan turune wong becik kepeksa nandhang wiring jalaran kagngan putra salah kedaden. Senadyan didhidhik apik, oleh kawigaten mirunggan, yen bocahe salah anggone srawung lan pinter apus karma wong tuwane bakal kecolongan. Dadine ora kena dipesthekake menawa budi pekertine anak oleh turunan saka wong tuwane. Kuwi ora kena kanggo pathokan! Semono uga aku, nadyan cetha aku anake wong ora bener, nanging aku nduweni tekad kang gilig. Wiwit aku ngerti emakku dadi leletheking njagad, nganti tekaning patiku, sabisa-bisa aku arep mlaku ing dalan kang bener…
Dina-dina terus lumaku, emakku ora gelem mareni tumindake malah tansaya ndadra. Apa maneh baapakku melu nyengkuyung. Wis makapingkaping perangkat desaaweh pepeling lan pitutur becik, nanging emane emakku pinter anggone kumbi. “Pundi buktine? Ndakwa tiyang niku kedah mawi bukti. Njenengan ampun nggega ginemane tiyang. Tiyang-
92
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010