Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/103

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PITAKONKU
Hermeini

Wis dadi padatanku saben mulih nyambut gawe sing dakjujug luwih dhisik mesthikewan. Angkahku mono engal-enggal bisa nggebyur awak, kaeben ngilangi rasa lungkrah lan lesu. Pancen wis jamak lumrahe yen aku kudu nrima dadi buruh ngelapi kuningan. Ya mung panggaweyan kuwi sing bisa daktandangi minangka anake wong cilik sing urip ing satengah-tengahe laladan home industry kuningan. Lha wong aku iki awakawak wadon, kathik ora nduwe keprigelan apa-apa. Seje maneh yen aku iki sawijining priya, ora bisa ngendelake pikiranisih bisa ngendelake okol. Dadi tukang bubut apa dene tukang selep upamane. borongane seminggu luwih satus ewu. balik aku sedinane mung bisa nganthongi dhuwit limang ewu. Cukup kanggo apa dhuwit semono kuwi? Sejatine ing pabrik rokok isih mbutuhake karyawan akeh. Aku uga wis nyoba ndhaftar. kabare ing kana njanjekake upah luwih dhuwur tinimbang panggonanku nyambut gawe. Nanging emane sing dibutuhake lulusan SMU. Sedheng aku SLTP wae ora nutug. Jaman saiki kuwi umume lulusan SMU yen ora gelem kerja kasaran, tangeh lamun bisane oleh penggawean. Terus kepriye nasibe bocah-bocah wadon sing drop out kaya aku iki?

Aku dadi ngondhok-ondhok bareng ngungak ing genuk prasasat ora ana banyu satetes-tetesa. Kamangka aku kelingan, mentas lautan mau awan dakselakake ngisi genk lan jembangan luwih dhisik. Aku dadi mangkel banget karo emakku, sing biasa ngentekake banyu. Dadi wong tuwa kok ora bisa ngregani tenagane anak!

Menawa adus wae ora ngerti kira-kira, kaya ledhenge mancur dhewe. Diarani ora ngerti, wong ya ngeri yen asale banyu kuwi dakrewangi thruthusan njaluk banyu uwong. Mulane aku gething banget nyawang barang sing jenenge klenthing! Wis jan rumangsa jeleh tenan! Jalaran ya barang kuwi sing ndadekake aku rekasa. Kumudu0kudu dakpecah wae, kareben ajur sawalang-walang mundhak nyepet-nyepeti mripat. Pendhak atiku kemrungsung, kaya ngono kuwi pikiranku. Amarga wiwit cilik nganti manya diwasa panggaweyanku pancen ngindhit klenthing! Saking kulinane nganti lakuku mekah-mekeh. Njalari dadi wadanane tangga-tangga sabarakanku.

90

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010