Menyang kontèn

Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/101

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Tegese, bojo sampeyan butuh panjurung lan pangerten. Iki murih dheweke ngereti yen kesenian rakyat kang digeluti iku ora menehi panguripan kang murwat kaya kang dikarepake. Dadi dheweke uga perlu duwe panggaotan samben. Dene sampeyan dhewe perlu golek pakaryan kanggo rewang-rewang nyukupi butuhe kulawarga. Iki kang dakkarepake katresnane bojo kang tulus.” Mbah dhukun menehi sesorah kanthi wijang.

Krungu pangucape Mbah Dhukun sing sumadulur mau Mitun tanpa srantan ngudhal kabeh panandhange kaya grojogan jebol.

“Karep kula niku nggih ngoten, ning napa kangge bunci?” Ukara-ukara kang diucapake rasane kaya kelet ing gorokan.

“Nuwun sewu. Iki yen sampeyan ora kabotan, lho. Apa kersa yen daksilihi dhuwit kanggo bunci usaha cilik-cilikan? Perkara anggon njenengan mbalekake, yen pancen bener-bener usaha mau bisa lumaku. Aku uga duwe anak bojo, Mbakyu. Lan perkara iki mengko uga bakal rembugan karo sisihanku. Manut pangrasaku, sisihanku mesthi ora kabotan.”

Mitun ora bisa kumecap. Ing batine gojag-gajeg. Endi ana wongloma ing jaman kaya ngene. Ning yen dsawang ing manike dhukun ing ngarepe mau sajak tanpa ngemu pamrih apa-apa.

“Aja digalih sing rena-rena lan nganggep aku sing ora-ora. iki tulus. muga-muga jenengan kersa nampa, Mbakyu. jalaran ya mung dalan iku kanggo marasake mas Gendra,” kandhane dhukun mau mantep. Tundhone dhuwit sepuluh ewu kang dienggo nggunakake larane Gendra digawa bali. malah kepara oleh tambah. Mitun uga dikenalake karo sisihane Mbah Dhukun. Jebule yen diwiwir-wiwir isih mambu-mambu dulur. Mulane wiwit mau kok ngundang Mbakyu lan ngundange menyang Gendra uga mas. Sajake Gusti Allah yen paring papadhang ora kurang marga.

Sabubare mitun golek srana ing panggonane Mbah Dhukun mau, gendra wiwit tuwuh kapercayane. Dheweke wis nggabung maneh ing grup Turangga ;aras kang disiapake pentas ing kabupaten. Mitun dhewe uga saya sengkut anggone nyambut gawe. Saka dhuwit silihan saka Mbah Dhukun lan sisihane, dienggo bunci gawe jajan lan dodolan cilik-cilikan. Saben Gendra tanggapan, Mitun melu-melu ndhasarake jajan gaweyane. bathine lumayan. Dhuwit silihan saka Mbah hukun wis bisa dibalikake. Lan paling ora anake wis ora perlu sangu jajan. Gendra rumangsa meri karo sisihane. Akhire uga katut tiru-tiru nyambut gawe sakecekele, waton halal. Dheweke bisa ndhadhagi yen tukang ngipuk-ipuk kesenian rakyat ing bebrayan iki during mesthi antuk panggonan murwat. Durung bisa kanggo gantungan urip. Ning isih kudu diuripi. lan sing akeh tansah setya wani ngipuk-ipuk iku rata-rata uripe during murwat.

Ing sawijining wengi Mitun isih glenikan karo Gendra.

88

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010