Ing wektu-wektu sadurunge kabeh prabeya kanggo mbudhalake grup jaranan mau ya kudu cucul dhuwit saka kanthong dhewe. Yen saiki ngono maneh rak kojur. Kamangka grup jaranan iki rak makili desa, makili kecamatan, lan ndadekake arume desa apa dene kecamatane. Ning geneya prabeya kabeh ditanggung paraga kesenian jaranan dhewe?
Mireng alasane Temu Kancil, lurah mung gedheg-gedheg.
“Ora bisa! Desa kene kudu ngirimake grup kesenian makili kecamatan, ora kena ora. Iki prentah saka Camat. “
“Lajeng perkawis biayanipun?” Temu Kancil nyoba nalesih.
“Sauntara iki cucula dhuwit dhewe! Ora ana dana saka kecamatan kanggo kesenian, apamaneh desa kene.” Pak Lurah isih puguh karo karepe.
“Ning, sing ndadosaken kawratan malih niku Gendra, Pak Lurah. Yen mboten wonten Gendra, grup Turangga Laras mboten saged bidhal.”
Bareng alesane ditatapne marang Gendra sing dadi rol ing Turangga Laras, Pak Lurah lagi gelem ngrogoh sake.
“Ngene wae iki mengko wenehna bojone Gendra, kongkonen golek tamba nyang wong pinter.” Pak Lurah ngendika karo menehi dhuwit eketan ewu salembar menyang Temu Kancil.
“Nggih, Pak Lurah!”
Temu kancil mulih saka kelurahan kanthi ulat sumringah.
Lagi sorene sanja menyang omahe Gendra menehake dhuwit saka lurah kanggo golek tambane Gendra. Tekan tangane bojone Gendra dhuwit saka lurah mau tundhone mung kari rongpuluh ewu, sing telung puluh mlebu sak.
Tumrap Mitun dhewe antuk dhuwit sakmono mau pindha nemu emas sagenthong. Anggone maturnuwun ora entek-entek. Wiwit esuk umun-umun Mitun wis ninggalake Gendra sing isih njintel ing omah. Dhuwit rongpuluh ewu saka pimpinan grup jaranan Turangga Laras digembol ing centhinge. Sing sepuluh ewu dienggo golek srana menyang wong pinter, murih Gendra bisa waras. Dene sing sepuluh ewu bakal ditukokake beras.
“Napa bojo kula kesambet dhemit, Mbah?” pitakone Mitun nalika ngadhep dhukun sing ditekani. Mbah dhukun sing brengos lan jenggote ketel mau mung manggut-manggut, karo nyawang ngemu teges. Ing netrane katon kaya sunar kang kaya akrab banget. Mitun ngrasa pawongan iku tau dikenali. Ning kapan?
“Dudu, dudu dhemit. Bojomu mung merga bingung rumangsa kabotan sanggan, kelangan grenjete ati. Tamba marasake Gendra bojomu kuwi mung kanthi srana katresnan sampeyan kang tulus, Mbakyu.” Mbah dhukun miwiti rembuge.
“Lho, kula niki kurang tresna pripun ta, Mbah. Yen ra tresna apa nganti duwe lima?”Mitun rada sembranan.
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010
87