anyandikani. Sareng toya kasaosaken sarta kaombe, Bisma lajeng pejah.
Para ratu sami angurmati pejahipun senapati Bisma. Jisim dipun anggen-anggeni badhe kabesmi. Sareng serep srengenge, kagentosan padhanging rembulan, jisim lajeng kabesmi, awunipun minggah dhateng ing Suralaya. Ing sadalu punika Pandhawa kaliyan Korawa sami kendel kemawon, mboten wonten ingkang salah damel, wonten ing pasanggrahanipun piyambak-piyambak.
4. ANGKAWIJAYA PEJAH DIPUN KRUBUT KORAWA
Ingkang pinanggih rembagipun para Korawa, Druna kadamel senapati. Sadalu punika kitha ing Ngastina jawah deres, rah mili dhateng pasanggrahan. Para ratu para adipati tuwin para satriya sami suka bingah, awit punika pratandha yen badhe unggul perangipun. Sadalu Korawa mboten tilem. Enjingipun bodhol. Druna ingkang nyenapateni, gumerah swaraning gangsa, amor suraking bala kados swaraning galudhug. Lampahing bala dumugi ing Tegal Kuru lajeng sami mirantos.
Pandhawa dereng salin gelaripun, taksih Garudha-nglayang. Korawa gelaripun Gajahmeta. Suyudana wonten ing githok akanthi Arya Sindureja kaliyan Adipati Ngawangga. Korawa satus ingkang minangka gadhing, dados sekit sisih. Kajawi balanipun ingkang minangka telale Prabu Bagadenta, anitih gajah sarwi mandhi
gada. Senapati Druna ingkang minangka sirah. Sareng majeng badhe tanglet, ciptaning manah mboten sumedya mundur.
Pangangsegipun bala Pandhawa saha bala Korawa kados saganten kekalih pethuk-pethukan, gumerah swaraning gong sarta beri, suraking bala kados ampuhan, amor swaraning gelap, kados ambengkah langit. Pandhawa lajeng angebyuki gelaripun Senapati Druna. Raden Dananjaya anglepasaken jemparing, wedalipun ambrubul, andhawahi bala Korawa. Raden Wrekodara inggih anglepasaken jemparing, pinten-pinten Korawa ingkang pejah kadhawahan jemparing. Raden Wrekodara lajeng angamuk kaliyan gada,