Menyang kontèn

Kaca:Bratayuda.pdf/77

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

dosanipun!"

Prabu Kresna sareng sampun dumugi ing jawi, matur dhateng jawata sakawan, "Kula badhe masanggrahan rumiyin. Benjing-enjing kemawon kula mratelakaken prelunipun lampah kula mriki."

Prabu Kresna anjujug panggenanipun ingkang bibi Dewi Kunthi, lajeng anyungkemi sampeyanipun. Dewi Kunthi muwun, ciptaning galih prasasat kapanggih kaliyan Pandhawa. Tumunten amratelakaken sekeling galih, bab prakawis ingkang badhe kalampahan. Akathah pituturipun, amurih lestantuning lampah. Saking agenging prihatos, pangandikanipun pegat-pegat kamoran pamuwun. Sareng sampun telas pituturipun, Prabu Kresna pamit badhe dhateng pasanggrahan, ing griyanipun Arya Widura. Sarawuhipun ing ngriku, anunten sesaosan pasegah kathah dhateng.

Saunduripun Prabu Kresrna, Suyudana apirembag kaliyan ingkang rayi-rayi, punapa malih kaliyan Adipati Ngawangga, ingkang minangka pangajenging damel. Prabu Suyudana sumelang ing galih awit pasegahanipun katampik dhumateng Prabu Kresna, pangandikanipun, "Sang Prabu ing Dwarawati amesthi ngandhut wadi, dene ora karsa dhahar pasuguhku. Heh, Drusasana, aja sira kurang weweka marang ratu ing Dwarawati, sira diangati-ati, kadang-kadangmu kabeh tuturana, sesuk padha amendhema baris. Aja nganggo pinikir suwe-suwe, wong ing Dwarawati banjur ditumpesa bae, awit iku awaking Pandhawa, mesthi angandhut ala, ora wurung dadi mungsuh, samudana angandhut memanis!"

Sabibaring pasamuwan, sakathahing Korawa sami mantuk, para ratu tamu tuwin pinisepuh sami kondur dhateng pasanggrahanipun piyambak-piyambak. Prabu Suyudana kondur angadhaton, tedhak panggenanipun ingkang garwa Dewi Banowati. Dewi Banowati amethuk, lajeng dipun kanthi astanipun, malebet ing dalem, tata sami pinarak. Para abdi estri marak.

Retna Banowati galak ulat, manis pamulu, dedeg sembada, goreh nanging dados ing pantes sarta boten wonten sarunipun. Anjelih anjulalata mindhak perak ati, bengis marengut maleroka wewah manis. Sanajan boten ngagem-agema; ambombrong kalung