Kaca iki wis dikorèksi
PURWAKA
Minangkani pamundhutipun para maos ingkang anggatosaken sanget artikel “Bawa Raos ing Salebeting Raos" ingkang urut-urutan kapacak ing Kalawarti Dwija Wara wiwit Nomer 3 tahun I ngantos dumugi Nomer 3 tahun III, Redaksi ngaturaken buku punika ingkang kawedalaken mirunggan ngewrat "bawa raos" kasebat ing nginggil.
Mugi-mugi wedalipun buku alit punika saged ambiyantu manggihaken pajaring manah tumrap para ingkang marsudi pados pepadhang sejati.
Satuhu.
Redaksi Dwija Wara
1960
vii