Menyang kontèn

Kaca:Bawa Raos ing Salebeting Raos (Bisikaning Suksma).pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

isi, nadyan kendel, boten kathah rembagipun, nanging manfangati dhateng sesami."

Bapak Pangrasa:
"Sukur Pangaribawa, dene kowe wis bisa nampa kabeh pituduhku lan kowe darbe niyat tumuli ngestokake dhawuhing Sang Guru Sejati. Sumurupa, kabeh sedya (gegayuhan) iku yen wis dilakoni kanthi tindak (lair-batin) bakal ana wohe; dene suwe lan gelising pangundhuhing woh iku iya mung gumantung panggarap utawa pangudine, apa kanthi temen-temen, apa mung sakepenake bae.
Putraku Prabawa!
Kowe arep pitakon apa, kok sajak kedhekas-kedhekes, mara majua mrene; aja ewuh pakewuh yen kowe darbe pitakonan. Yen kowe darbe rasa ewuh lan ora wani ngajokake pitakonan ing sajroning bawa rasa kowe bakal kapitunan dhewe. Amarga sakabehing piwulang iku kudu ditampa kanthi mangerti temenan; kepriye anggonmu bakal bisa nglakoni manawa kowe durung mangerti surasaning ngelmu (piwulang) kang koktampa."

Sadherek Prabawa:
"Kasinggihan Bapak, kula badhe nyuwun pariksa bab anu ... e ... e ... nanging manah kula radi dheg-dhegan, amargi kuwatos mangke gek kula dipun wastani kados pokrul bambu malih dening Adhimas Pangaribawa."

Sadherek Pangaribawa sumambung:
"Kangmas Prabawa, aku saiki wis sabar kok, aku ora bakal ngarani Kangmas tukang bantah kaya pokrul bambu maneh, wis Mas, tumuli matura Bapak."

Sadherek Prabawa:
"Tenan ya, Dhimas, aku aja kok kono-kono maneh, aku dak matur Bapak."

19