Menyang kontèn

Kaca:Bawa Raos ing Salebeting Raos (Bisikaning Suksma).pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

kono mau jalaran lali marga koncatan pepadhang, awit nalika enome ngungkurake Sang Pepadhang, ora gelem netepi angger-anggering Tri Sila marga saka kumalungkunge, ngendel-endelake panguwasane, kapinterane, lan kasugihane. Mula piwelingku marang kowe kabeh dakbaleni, aja padha angendhe-endhe wanci, mupung gedhe rembulane, mupung jembar kalangane, padha tumuli sesucia; mungguh-terange piwelingku mau mangkene.

Mupung kowe kabeh isih padha enom, bagas waras lan isih omber wektune, tumuli padha goleka ngelmu kang nyata kanggo sangumu urip ing donya tumekaning delahan. Dene ngelmu kang nyata, yaiku pituduh kang nuduhake 'dalan bener', dalan kang anjog ing sangkan paraning urip, kaya kang wus kadhawuhake dening para rasul, kasebut ing kitab-kitab suci, kang samengko wus katerangake kanthi ringkes lan gamblang dening Sang Guru Sejati kasebut ing pustaka Sasangka Jati."

Sadherek Pangaribawa:
“Dhuh, Bapak pepundhen kula, kula ngaturaken genging panuwun, sadaya dhawuhipun Bapak wau damel padhanging manah kula saha nambahi dereng anggen kula badhe tumunten ngestokaken dhawuhipun Bapak, inggih dhawuh wejanganipun Sang Guru Sejati. Kula rumaos begja kemayangan dene sang Sitaresmi dereng panglong kangge kula, kula dereng kelajeng pikun, punapa malih kula sampun nggembol ilmu sejati peparingipun Sang Guru Sejati, ingkang cinandhi ing Sasangka Jati.

Kula kerep nyumerepi kawontenanipun tiyang ingkang sampun pikun, kados ingkang kadhawuhaken Bapak wau, inggih memelas sanget, malah wonten ingkang nusuh punapa, nglempakaken gombal-gombal tuwin barang-barang ingkang boten wonten ginanipun. Saweg sapunika kula mangertos sababipun pikun wau jalaran koncatan pepadhang sinaring sang Sitaresmi, amargi nalika enemipun nebihi Sang Pepadhang, wekasan sareng sepuh kados dene tong ingkang kothong, kathah rembagipun, nanging rembag ingkang nggladrah, tur dipun wongsal-wangsuli; beda kaliyan tong ingkang

18