ja, ingkang suwaunipun kula anggep sepele punika, jebul ageng sanget kasiyatipun, ingkang wajib pinundhi-pundhi tuwin kaaji-aji saking inggiling ajinipun.
Kawuningana Bapak, ing sayektosipun ing antawisipun para calon siswa, klebet kula piyambak, wonteng ingkang ngremehaken dhateng wewarahing Hastha Sila. Saweneh wonten ingkang carios makaten, 'Iki piwulang becik kang gampang diucapake, nanging angel yen dilakoni'."
Bapak Pangrasa:
"Mangertia putra-putraku kabeh!
Manawa piwulang kang kamot ing Hastha Sila iku sejatine sari utawa pathining piwulang kang sumimpen ing kitab-kitab suci dhawuhing Pangeran, mula kena dakpindhakake kaya dene atining agama suci. Dhasar nyata dalan kang anjog ing kasunyatan jati iku prasaja banget, ora rinengga ing tembung kang muluk-muluk lan dakik-dakik, lan dalan bener iku ora menggak-menggok, tegese ora nganggo laku utawa sarat-sarat kang aneh-aneh (elok-elok). Dene kang padha ngremehake marang pituduhing Hastha Sila iku saka durung mangerti bedane kang nyata lan kang dudu (durung weruh bedane emas lan tembaga).
Mulane Sang Sabda dhawuh:
‘Aja padha mbuwang mutiara ing sangareping kandhang babi’. Dhawuh kasebut mengku surasa supaya kita aja menehake piwulang kang adiluhung marang si cubluk, lan marang kang ora mbutuhake pepadhang, awit wong kang kulina manggon ing pepeteng, bakal kebloloken yen weruh pepadhang, lan banjur ngeremake
mripate.
Satemene wewarah kang sumimpen ing Hastha Sila iku yen cinandra kaya dene omben-omben jamu kang pait rasane, kang mung