Menyang kontèn

Kaca:Bawa Raos ing Salebeting Raos (Bisikaning Suksma).pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
  1. Warna-warnaning panandhang kang wus tumiba ing kowe, tampanen kanthi rasa narima, ewa samono, ing atasing manungsa, wajib nindakake pambudidaya, upama ketaman lara, iya kudu ikhtiar usada, mangkono sapiturute.
  2. Sakabehing dosamu tebusen kanthi pangorbanan suci, yaiku nindakake budi darma sarana aweh kabecikan lan mitulungi pepadhaning titah kang perlu dipitulungi, dene tumindake kaukura kanthi kakuwatanmu dhewe, kang dhinasaran rasa welas lan asih, dadi ora karana pamrih apa bae. Paweweh kabecikan iku ora mung wujud bandha bae, ana kalane nganggo bausuku lan pikiran, malah yen perlu ngetohake jiwane kanthi ikhlas, kanggo ngentas kasangsarane kang ditulungi.
  3. Pasrah kanthi santosaning ati, yaiku sejatining pracaya, marang Sang Juru Panebus Dosa, sinartan nuceni atine.
  4. Ing sajroning batin ngesthi kanthi rasa nalangsa nyuwun pangapura apa dene nyuwun kuwat nampani pangadilaning Allah. Dene tumindake kang ajeg, luwih utama yen linambaran tapa brata kanthi iklasing ati.


Putraku Prabawa!

Yen kowe bisa netepi wewarahku kasebut, wewaton dhawuhing Sang Guru Sejati, aku yakin kowe bakal antuk sih pangapuraning Allah, satemah kowe bakal kuwat nampa warna-warnaning panandhang. Upama bobot kang kudu kok pikul iku ana seratus kilo, bisa kokcangking kanthi entheng, nadyan bobote ora suda; upama wujud omben-omben kang darbe rasa pait banget, rasa pait mau ora krasa ing ilatmu, nadyan zat-zat kang darbe rasa pait mau ora ilang lan tetep paite, kang mangkono mau ora liya saka sih pitulunganing Allah, yaiku kebabaring pangapuraning Pangeran."


Sadherek Prabawa:

"Dhuh, Bapak pepundhen kula, cumeplong raosing manah tuwin raos ajrih saking genging dosa kula sakala musna, sareng kula mirengaken dhawuhipun Bapak; boten langkung kula nyuwun

9