Menyang kontèn

Kaca:Bawa Raos ing Salebeting Raos (Bisikaning Suksma).pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

pa piweleh kang setimbang karo panggawene. Bebasan nandur rawe iya bakal gatelen awake. Dene kang nandur pari, iya bakal panen pari kang manfangati kanggo uripe, tegese kang padha tumindak becik bakal padha nampa piwales saka kabecikane.
Sumurupa, ora ana kadadean kang tanpa sebab."

Dumugi samanten pangandikanipun Bapak Pangrasa, amargi Sadherek Prabawa sumela ngajengaken pitakenan makaten.

Sadherek Prabawa:
"Bapak, keparenga kula nyuwun priksa, sinten ingkang dados hakim, jaksa, tuwin panitera? Ing pundi manggenipun pangadilan langgeng wau yen nuju ngadili (bersidang)? Rehning umat manungsa punika cacahipun mayuta-yuta, pinten cacahipun hakim ingkang ngadili, makaten ugi ingkang dipun adili punapa inggih kenging membela diri kanthi mbekta juru pembela?"

Sadherek Kemayan sumambung:
"O, Dhimas Prabawa, mbok iya aja nggomblohi mangkono, mundhak kebacut-bacut anggonmu ora weruh ing rembug, amarga saka anggonmu seneng anut grubyug, bebasan kaya belo melu seton."

Sadherek Pangaribawa sumela nyambeti:
"Kangmas Prabawa punika saking kulina ngulur-ulur nalar, nanging boten saged mulur, amargi nalaripun sampun kelajeng pating saluwir, sebab remen main selat wicara, inggih punika nyrekal utawi mbantah, ingkang makaten wau saking pakulinan labet pandamelanipun dados pokrul bambu."

Sadherek Prabawa katingal kabranang ing manah saha mangsuli kanthi groyok sebab kasalat urubing latu kanepson.

"Iki kepriye ta? Wong takon iku rak merdika, kang wajibe diwangsuli apa kang dipitakokake, lha kok di-kono-kono; lan maneh sing daksuwuni priksa iku rak Bapak Pangrasa, dudu kowe ta luur-

3