Menyang kontèn

Kaca:Bawa Raos ing Salebeting Raos (Bisikaning Suksma).pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Nanging, kang bisa mangerti (nampa) sabda kang ora winedhar lan kang bisa maca sastra kang ora tinulis iku ya mung para manungsa kang limpad ing budi, kang padha netepi angger-anggering Tri Sila, bebasane wong kang limpad seprapat bae wus tamat.”

II. DHAWUH PIWULANGING ALLAH KANG GUMELAR

"Sakabehing lelakon kang dumadi ing donya iki, yaiku warna-warnaning lelakoning ngaurip kang padha sinandhang dening para umat (kawula) kang nuwuhake rasa: bungah susah, kojur mujur, papa mulya, asor luhuring bangsa, pasang suruting nagara, iku kena kanggo tepa palupi, awit kabeh mau dumadine saka kebabaring hukum angger-angger langgeng, uga dadi dhawuh piwulanging Allah kang gumelar wujud lelakoning ngaurip, kang wajib kawigatekake dening para umat kang padha kepengin rahayu uripe ing donya tumekaning delahan."

III. WASESANING HUKUM ANGGER-ANGGER LANGGENG

"Mangertia putra-putraku kabeh!
Manawa kabeh manungsa iku padha winasesa dening hukum angger-angger langgeng, yaitu sifat adiling Allah. Nadyan ana golonganing umat kang padha ora pracaya marang anane angger-angger langgeng, nanging ora bakal mrucut saka purbawasesaning angger-angger kasebut.

Dene kang diadili iku karep lan pakartining (panggawene) manungsa, kang kalumrah diarani ngundhuh wohing panggawe, tembunge liya diarani 'karma'.

Mungguh terange mangkene.

Manawa ana wong tumindak ala, yaiku tumindak kang nyulayani anggering keadilan, kautaman, lan kasusilan, wong mau bakal nam-

2