Menyang kontèn

Kaca:Bawa Raos ing Salebeting Raos (Bisikaning Suksma).pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

BAWA RAOS ING SALEBETING RAOS
(Bisikaning Suksma)
Marengi ing dinten Selasa tanggal 11 September 1956


RASA WINISIK TERUS MANUNGGAL
dening Pak Merto


Bawa raos kasebat dipun sepuhi dening Bapak Pangrasa, dene ingkang ngestreni wonten sadherek tiga, inggih punika:

  1. Sadherek Kemayan,
  2. Sadherek Prabawa,
  3. Sadherek Pangaribawa.

Sari-sarining bawa raos cinathet ing batos dening Pak Narto, ingkang wekdal samanten mirengaken kanthi raos wonten ing sajawining bawa raos, ing salajengipun kamonceraken saha kadhapuk sarupi wawan rembag (soal jawab) dening Pak Merto, kados ing ngandhap punika.

SESORAHIPUN BAPAK PANGRASA
I. SABDA KANG TAN WINEDHAR

"Saya suwe saya tamat penyawangku, lan saya cetha pangertiku, manawa kabeh kang gumelar ing bawana iki, kejaba mujudake: keagungan,
kawicaksanan,
keadilan,
panguwasaning Pangeran Kang Mahatunggal,

uga dadi pasemon pangandikaning Allah, yaiku sabda kang ora winedhar ing lesan, utawa sastra kang ora tinulis, cara Islame sinebut 'kalam iktibar' utawa 'kalam maujudiah'.

1