Kaca:Baud Matja Lan Nulis 2.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Pasar malem pramuka

Ing Sala ana pasar malem.
Manggon ing alun-alun.
Kuwi pasar malem pramuka.
Gapurané élok.

Lampuné listrik mrutu sèwu,
abang putih pating glebjar.
Sing djaga kabèh botjah
pramuka, tjantas-tjantas,
bregas-bregas, kijeng-kijeng.
Pagelaran A.B.R.I. ja ana,
Tèng ana, mrijem ana.

56