Ing plataran sekolahan rubung-rubung. Murid-murid kupeng ngubengi sulapan. Pak Kliwon njulap, katon baudé. Élok, élok tenan. Weḍi bisa dadi banju. Enḍog manjar dadi kuṭuk. Kaju bisa dadi welud. Wah pantjèn anggumunaké.
35