Kaca:Basa Djawi I.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
34
V. ISÈNANA.
  1. ...... ngleter.
  2. ...... nglempus.
  3. ...... nggedjedjer.
  4. ...... nggeḍekes.
  5. ...... mbegegeg.
  6. ...... sipat kuping.

  1. ...... nggrijeng.
  2. ...... tjekakakan.
  3. ...... ngletjis.
  4. ...... ngglenjèh.
  5. ...... ger-geran.
  6. ...... tjriwis.


12. PÉTRUK DADI RATU.

Basa Djawi I (page 36 crop)

Pétruk kuwi abdi ing Pendawa. Nudju sawidjining dina minggat adoh banget, nggawa djimat ing Penḍawa. Pétruk dadi digdaja. Bandjur perang karo negara Sonjawibawa. Ratuné kalah bandjur mati. Pétruk bandjur nggentèni dadi ratu, djedjuluk : Prabu Kantongbolong. Balané buta-buta.
Prabu Kanṭongbolong saiki sugih barang-barang. Omahé gedé tur apik. Lemariné akèh, sandangané akèh tur apik-apik. Jèn turu ana ing tempat tidur. Jèn mlaku-mlaku nunggang montor. Pangané énak-énak. Ratua kaé wong Pétruk, kala-kala isih kepéngin : ḍawet, rudjak, kuluban.
Sok ndjogèd ngleter, baturé dikon ngeploki. Jèn wis sajah, baturé dikon midjeti. Wah apa-apa keturutan.
Negara ngendi-endi pada kalah. Wong Pandawa pada pangling. Sing diwedèni Prabu Kanṭongbolong jaiku : Semar karo Garèng.