Kaca:Basa Djawi I.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
30

 Manis mangsuli: ,,Boten sakit, kula awis-awis neḍa, ing grija kula ngriki boten naté wonten tikusipun."
 Si lemu kanḍa: ,,O, mèmper. Béda karo aku, aku mèlu wong sugih. Panganku ora kurang tur énak-énak. Ajo mèlu aku. Mengko ḍak tuduhi panganan sing énak-énak, ndjupuka sakarepmu.”
 Saking kepénginé, Manis bandjur mèlu. Tekan enggoné wong sugih, mambu gorèngan daging sing dikroḍongi ana ing médja, ora sabar. Kroḍong disingkap, njakot sairis. Dumadakan konangan réwangé. Kutjing dipenṭung, dagingé tiba, terus mlaju mulih. Tekan ngomah lara banget karo gereng-gereng. Manis dielus-elus nini-nini karo dikanḍani, supaja nrima, adja sok njejolong.


I. RAMPUNGNA.
  1. Nini-nini sampun sepuh tur ……………………………………
  2. Grijanipun naming ……………………………………
  3. Gaḍah ingah-ingahan ……………………………………
  4. Badanipun kera, djalaran ……………………………………
  5. Mireng teteḍan étja, ladjeng ……………………………………
  6. Énggal-énggal njakot ……………………………………
  7. Nanging konangan déning ……………………………………
  8. Kutjing kera dipun ……………………………………
  9. Dumugi grija dipun tjrijosi, supados ……………………………………


II. DJAJAL DONGENG IKU MAU TIROKNA.
III. WIILANGANING APA?
  1. ……… sairis.
  2. ……… sapiring.
  3. ……… sagendul.
  4. ……… sasuwèk.
  5. ……… salempit.
  6. ……… sakeris.