Kaca:Basa Djawi I.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
29
V. KRAMA INGGIL.
  1. Bu guru wis mangkat sekolah.
  2. Ana ngomahé wis mangan.
  3. Karo wis ngombé wédang.
  4. Bu guru mènèhi grip aku.
  5. Aku ditakoni bu guru.
  6. Pak Setèn mulih saka lelungan.
  7. Saiki lagi teturon.
  8. Akon ndjupukaké bantal.
  9. Réwangé mènèhi bantal.
  10. Tangi turon bandjur adus.


10. KUTJING KURU.
Basa Djawi I (page 31 crop)

 Ana nini-nini wis tuwa banget tur mlarat. Omahé mung atep. Ingon-ingoné kutjing sidji tur kuru, didjenengi Manis. Jèn turu sok dikeloni. Jèn mangan mung saanané.

 Wajah ésuk kutjing kuru lagi ḍéḍé, ditemoni kutjing lemu meles-meles. Kanḍané:

 ,,Awakmu teka kuru, apa lara ?”