Kaca:Basa Djawi I.pdf/3

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
KETERANGAN TJAP-TJAPAN KAPING V.

Isinipun tjap-tjapan V punika sami kalijan tjap-tjapan ingkang sampun-sampun.

Buku punika kanggé ing kelas II S.D. Sarèhné ing kelas II punika saweg miwiti mulang basa, mila kedah ingkang setiti. Sasampunipun kawaos lan katerangaken, laré kaglaḍia mangsuli mawi basa ingkang djangkep, sampun namung kadjudjug.

Ing saben sa bab dipun wongsal-wangsuli kaping kalih utawi tiga. Malah menawi kaleres, tembang utawi dongèng prelu katirokaken, sokur bagé solah bawanipun, murih laré rumesep pangretosanipun.

Wasana njumanggakaken.


R. HADIPRANOTO.

Ngajogjakarta, Mei 1967.