Kaca:Basa Djawi I.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
23
8. OLÈH-OLÈH.
Basa Djawi I (page 25 crop)

,,Ning-nong, simbok teka. Ning-nong, simbok teka. La kaé, la kaé, olèh-olèhé. Simbok saka pasar, nggènḍong ténggok njangking gendul isi lenga."
,,Mengko ḍisik adja kesusu, dak ḍun-né ngambèn kana. Aḍimu mau nangis apa ora?"
,,Botjahe lagi turu. Aku didjadjakaké apa mbok?"
,,Iki lo nagasari. Aḍimu dingèngèhi. Klobot mbako iki kanggo bapakmu. Pelem karo katjangé iki, kakangmu didumi. Déné iki bumbu, djanganan karo lawuh kanggo mengko. Wis kana dolan, aku dak olah-olah."

I. RAMPUNGNA.
  1. Ingkang mantuk saking peken ……………………………………
  2. Kula ngadjeng-adjeng ……………………………………
  3. Aḍi kula saweg ……………………………………
  4. Kula dipun angsal-angsali ……………………………………
  5. Kakang, kula dumi ……………………………………