Kaca iki wis divalidasi
20
9. Disikat .........
10. Didjungkati .........
11. Dipupuri .........
12. Diweḍaki .........
13. Diblebed .........
14. Diklabang ........
15. Disabuki .........
Simbok menjang pasar. Aḍiku diemong ju Sarinah. Botjahé pidjer nangis baé. Bandjur diemban karo diurak-urakaké:
,,Pentil semangka plontjo,
anak djaran belo,
ketjik isi sawo,
botjah boḍo plonga-plongo.”
Ju Sarinah pinter ura-ura. Aḍiku bandjur lijer-lijer arep turu, lali olèhé nangis.