Kaca:Basa Djawi I.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
18

Aku wedi banget, nangis gembor-gembor. Arep mlaju kaja-kaja sikilé alot. Ngreti-ngreti aku wis ditjekeli simbok lan ditakoni. Aku kanḍa nèk ngimpi arep dimangsa matjan. Djebul buriku turu iku ana kutjingku mèlu turu. Aku dipepuju simbok karo bakju. Aku dikon turu manèh sarta dikantjani bakju”.


I. WANGSULANA.
  1. Sing ngimpi kuwi sapa ?
  2. Karman lagi pinudju apa ?
  3. Dumadakan buriné ana apa ?
  4. Matjané dikira arep apa ?
  5. Apa sababé kantjané pada mlaju ?
  6. Apa sababé Karman ora bisa mlaju ?
  7. Djebulané dudu matjan, nanging apa ?
  8. Kutjingé olèhé turu ana ngendi ?
  9. Apa sababé digeguju ?
  10. Turu manèh dikantjani sapa ?


II. APA KOSOK BALINÉ?
  1. Wedi
  2. Goroh
  3. Garing
  4. Bening
  5. Ramé
  6. Wuled
  7. Maido

  1. Krungkep
  2. Gandjil
  3. Lantjip
  4. Atos
  5. Lara
  6. Kenḍo
  7. Rukun

  1. Ragil
  2. Bapak
  3. Lungguh
  4. Anteng
  5. Gèpèng
  6. Bunder