Kaca:Basa Djawi I.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

12

4. PITIK TUKUNG.
Basa Djawi I (page 14 crop)

Aku duwé pitik ......... pitik tu-kung.
Saben dina, dakpakani djagung.
Petok-gogog-petok, ngen-ḍog-pi-tu,
tak-engrem-ké ne-tes-telu,
kabèh paḍa tronḍol, ḍol, tanpa wulu.
Ménḍol-ménḍol, ḍol, gawé guju.


I. WANGSULANA.
  1. Pitik iku warna-warna, ana katé, ana apa manèh ?
  2. Enḍog pitik sok dienggo apa ?
  3. Wulu pitik iku warna-warna, ngaranana !
  4. Pitik iku jèn ngenḍog ana ing ngendi ?
  5. Jèn angrem sok nganti pirang dina ?
  6. Pitik iku sok dimangsa apa ?
  7. Enḍog bèbèk sok diengremaké apa ?
  8. Enḍog bèbèk rupané keṕrijé ?
  9. Enḍog pitik rupané keṕrijé?