Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/99

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Bahan baku wayang iku saka Karang Anyar, Solo lan Segoroyoso Bantul. Ibu Maryanti kabantu dening 23 tenaga kerja kang saben sasine bisa ngasilake wayang cacah 1000 iji lan pametune nyandhak 25 yuta rupiah saben sasine.


Carane gawe wayang :

Wayang kulit saka bahan kulit kebo kang wis diproses dadi kulit lembaran. Saben wayang mbutuhake ukuran 50x30cm banjur ditatah nganggo wesi lincip.

Perangan-perangan awak kayata tangan, sing dumadi rong sambungan pundhak lan lengen disambung disambung nganggo sungu kebo utawa sapi, banjur dewenehi kertas emas utawa nganggo cet bubuk sing diencerake.

Kerajinan wayang iku kudu pada dilestarekake, supaya para mudha lan mudhi bisa ngerti tradisi tinggalane para leluhur lan uga ora diakoni dening negara liya. Kanggo njaga supaya wayang

86

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~