Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/97

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Bailah pancen ora duwe wit kambil dhewe. Mulane Parji nderesake wit kambile tanggane, banjur dijatah legen rong dina sepisan. Ing dhusune Bailah, wit kambile wis ora subur meneh lantaran kena lindhu gedhe 27 Mei 2006 kapungkur. Asile legen saya sethithik.

Saben sekilo gula jawa didol sepuluh ewu rupiah dening Bailah. Senajan asil saka gawe lan adol gula jawa ora sepiroa, nanging sisihane Parji iki wis seneng awit anak-anake bisa urip luwih mulya tinimbang dheweke.

Ora sithik uga warga sing marani omahe Bailah, ing dhusun Buruhan Kidul, saperlu njaluk legen. Legen mentah bisa nggangsarake metune ASI (air susu ibu) kanggo para ibu sing bar nglairake. Bailah lan Parji ora mung waton menehi, nanging njupukake sing isih ana uwit supaya luwih seger. Kuwi dilakoni kanthi ikhlas, nanging tetep wae wong-wong padha menehi ganti ongkos menek legen. Bailah pancen seneng tetulung. Senajan dheweke uga akeh butuhe, nanging tetep gelem ngrewangi liyan.

Miturut langganane Bailah, gula jawa gaweane Bailah iku resik lan ora gampang mbanyu. Bailah uga ora tau nyampur glepung apa maneh bahan sing ora apik kanggo kasarasan ing gula jawa gaweane. Ora gumun yen wanita kang mung lulusan SMP iki wis duwe langganan akeh, saka biyen tekan saiki, nganti anak-anake bisa mandhiri uripe.

Katrangan bab narasumber:
Jeneng : Siti Bailah
Umur : 45 taun
Pendidikan :

• SD K Tirtosari
• SMP N 1 Panjangrejo

Bojo : Parji (51)
Jeneng Tuwa : Setya Atmaja
Cacahe Anak : 4
Kekarepan : supaya anak-anake bisa sukses lan mulyo donya-akhirat

Semboyan Urip: Urip kudu diperjuangake

86

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~