Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/93

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sawise nampa sampah-sampah sing uwis dipilih saka warga masyarakat, sampah- sampah kuwi mau dipisahke meneh miturut ​​​jinise lan diolah dening petugas saka Bank Sampah Gemah Ripah. Asil olahan sampah-sampah sawise didaur ulang dening petugas, arupa: tas wanita, tas laptop, dompet, lan sapiturute dening petugas saka Bank Sampah Gemah Ripah. Tuti mratelakake, “Biasane sampah-sampah arupa gabus, plastik, kerdhus- kerdhus dijupuk dening petugas saka Bank Sampah Gemah Ripah seminggu sepisan banjur diolah ana ing ngomahe. “Cara iki kaya produksi olahan rumah tangga, nanging produk sing diolah arupa sampah saka warga masyarakat. Sawise sampah didaur ulang dening petugas Bank Sampah Gemah Ripah, biasane asiling olaha sampah kuwi dipajang lan di dhasarake ana ing outlet utawa toko cilik sing isine barang-barang hasil olahan sampah kampung Badegan utawa ora adoh saka Bank Sampah Gemah Ripah, Badegan, Bantul.

Bank Sampah Gemah Ripah Kampung RT 12 Badegan, Bantul iki anggone madeg rada kangelan, amarga angel anggone nyadharake warga masyarakat, baground (latar belakang) warga masyarakat sing beda-beda. Petugas Bank Sampah sing ora gumathok gaji utawa isih asipat suka rela, lan isih akeh maneh tantangan liyane. Nanging saya suwe, kabeh masalah-masalah iku bisa dirampunganke kanthi sosialisasi marang warga masyarakat, masang iklan utawa menehi conto marang masarakat.

Tuti minangka direktur Bank Sampah Gemah Ripah saiki mratelake, “Anane Bank Sampah Gemah Ripah ana ing kampung RT 12 Badegan, warga masarakate bisa kebantu kanggo ngrampungake masalah-masalah sampah. “Saiki kampung RT 12 Badegan, Bantul katon resik lan endah. Wis arang ditemoke sampah-sampah sing sumebar ana ing dalan utawa lingkungan sak kiwa tengene. Iki buktiake yen Bank Sampah Gemah Ripah akeh pigunan tumrap masyarakat.

Muga-muga warga masyarakat saliyane kampung RT 12 Badegan, Bantul bisa nyonto utawa ngedegake bank- bank sampah liyane supaya perkara-perkara sampah sing ana bisa sethithik

80

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~