Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/87

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kene uga sumdhiya omah tradsional limasan sing bisa digunakake kanggo istirahat, tetirah utawa nginep ing papan iki. Pokoke komplit kabeh fasilitas kebutuhan kulawraga sumdhiya. Papan istirahat keluarga, kamar mandi dhewe, ana piranti kanggo nggaringke rambut (hairdriyer), banyu anget lan sapanunggalane. Para tamu uga bisa ngrasake kegiatan wisata kayata munggah gunung, pit-pitan lan mincing. Ing kene ana uga layanan ngumbah mobil lan ngumbah pakaian. Panganan komplit saka manca lan domestic sumadhiya uga ing warung makan Pulo segaran. Kanggone para tamu sing duwe kegiatan bisnis, Omah Budaya Tembi uga duwe Pusat Bisnis sing bukak layanan 24 jam.

Kanthi andaharan iki cetha menawa Omah Budaya Tembi tansah nguri-uri tradhisi lan nglestarekake budaya Jawi,


***

74

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~