Kaca:Bantul Sangsaya Pinunjul.pdf/86

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

salah sawijining paket kunjung museum. Kegiatan tradisional kuwi ing antarane ngluku lan nggaru migunakake, mbatik lan nabuh gamelan.

Museum iki diresmike ing sasi November 1999. Disuhi dening Yayasan Omah Budaya Tembi. Bebarengan karo peresmian museum iki kababar buku Enskiklopedia Kebudayan Jawa. Madege Omah Budaya Tembi kangkah bisa nglestarekake Kabudayan Jawa saka tata carane nggarap sawah, seni, uba rampe pawon, nganthi tekan dolanan bocah jaman biyen. Saiki Omah Budaya Tembi dipandhegani dening Bapak Nuranto lan direkture kasata dening Bapak Ons Untoro.

Sapa wae sing kepengin tindak ing museum iki ora perlu ngrogoh kanthong utawa mbayar. Cethane, gratis. Dana kanggo ngupakara museum iki sacara mandiri diragadi dening sing kagungan lan para kolektor sing nitipke koleksine ning museum mau. Sumber dana liyane antuk saka usaha saka rumah makan, ongkos sewa rumah tinggal, ruang rapat lan galeri. Sumber dana liyane antuk uga saka pendhapa sing disewakake kanggo adicara tanggap warsa, mantenan lan adicara liyane.

Saben pegawai ing museum iki duwe nduwene kaprigelan dhewe-dhewe. Racak ora mung ngerti babagan Omah Budaya Tembi nanging pana ing babagan kabudayan Jawa.

Yen kepingin ngerti sakabehing kegiatan iki penjengengan bisa browsing ing internt kang alamat website yaiku www.tembi.org.[www.tembi.org.] ing web mau mung ngadhar babagan Museum Tembi, nanging uga mbabar informasi babagan kabudayan lan kadadeyan sing ana gayutane marang kabudayan Jawa sing kelakon ing Ngayogyakarta. Museum iki uga nate nggelar adicara ing televise, wektu semana ngrembug bab panganan sing tinuis jroning Serat Centhini.

Kahanan Museum dadi sangsaya asri marga kebak wit-witan lan diubengi sawah lan karang pradesan sing swasanane nyata adhem, ayem lan tentrem. Para tamu sangsaya seneng rawuh mrene marga sumadhiya fasilitas wifi lan uga parker gratis. Dene yen kepengin mapan lan duwe keperluan sing mirunggan, ing

~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~

73